Tanduran Tamba, Ranti Ngilangaken Gomen lan Panas Njero
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 03 Juni 2026 07:32 WIB)
- Resensi
Tomat ranti (Lycopersicon pimpinellifolium atau varietas Solanum) ana hang ngarani tomat mawar kelebu nong tanduran woh-wohan hang ukurane cilik rasane kecut manis lan seger. Ring Banyuwangi, dienggo nyambel sega tempong. Cirine sambel tempong iki setemene ya teka rantine iki. Sakliyane sambel tempong ranti uga keneng enggo jangan asem lan enggo jangan koyong.
Ranti kecute temenanan sing padha ambi tomat hang biyasahe. Ranti duwe kandhungan hang akeh pitamin C lan antioksidan kanggo nguwataken awak (daya tahan tubuh) makene sing gampang keserang bakteri lan racun hang teka njabane awak. Bisa uga kanggo nyegah inpeksi nong njero awak.
Sakliyane pitamin uga akeh pitamin A kanggo kesehatan mata makene sing gampang mbelawur pendelengane
Ranti uga akeh kandhungan serat hang dibutuhaken kanggo ngelancaraken pencernaan, makene urusan nyang kakus lancar
.Carane Nggawe
Sakliyane bisa dipangan langsung ranti uga bisa digawe ombenan kaya jus. Kadhung wong Banyuwangi biyasahe dienggo sambel sega tempong nganggo terasi, lobok, uyah, gula lan micin.
Ranti uga bisa dienggo ragine jangan. Jangan aseman kadhung sing nganggo ranti rasane ya kurang enak. Sakliyane jangan asem jangan koyong iwak uga bisa nganggo ranti kadhung sing ana belimbing wuluh utawa wadhung.
Kasiyate
Sipate ranti hang akeh pitamin C, pitamin, A uga akeh kandhungan serat anti-inflamasi dienggo ngenthengaken tatu (peradangan) ngobati inpeksi hang ana ring njero cangkem lan gorokan (gomen/panas njero).
Weteng kuwelen angel metune hang nggarai sara kadhung nyang kakus bakalan lancar kadhung mangan ranti iki. Pesen bain nong kene kadhung nggawe sambel ranti hang wetenge sing kuwat pedhes loboke aja akeh-akeh, kudu ditaker ambi kuwate weteng nyang pedhesan.
Cacaken bain iki obat/tamba kunane wong Using Banyuwangi sakat kuna-makuna.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Hani Z. Noor