Tekad Nggawe Gowes Bareng Ikawangi ring Banyuwangi, Ketekan Dhayoh Artis Tessy Srimulat
Muhammad Jamil Rendra (dipublikasikan pada Selasa, 16 November 2021 13:23 WIB)
- Laporan
Ketua Umum Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat kang Bambang Sugiyono negesaken kekarepane kepingin mujudaken acara Gowes Bareng Ikawangi ring Banyuwangi. Kekarepan liyane yaiku Ikawangi bisa milu mengarepe ngeramekaken acara-acara gedhi kaya karnapal hang dianakaken ambi Pemda Daerah Khusus Ibukota Jakarta, jare walikota dhongkol Jakarta Utara iki tepak ngewani sambutan ring acara Gowes lan Senam Bareng kanggo mengeti Hari Pahlawan.
Manggon ring resto ikan bakar Pelengkung, Kranggan, acara hang dianakaken Ikawangi Korwil Jakarta Timur dina Minggu 14 Nop 2021 iku rumang ditekani emeh kabeh perwakilan Korwil lan Pokmas. Ana korwil Jakarta Selatan, Bekasi, Tangerang, Tangerang Selatan, Depok, Bogor, Jakut, Magenta, Prajurit Blambangan lan wakil korwil Bandung.
Rencana Gowes Bareng ring Banyuwangi iku kepingine dipiloni ambi Ibu Bupati Ipuk Fiestiandani. Perkara sepidhahe, Wakil Ketua Pokmas Gowes Ikawangi kang Dibyo Wahyu Widodo wis nyanggupi nyedhiyani prahoto gedhi kanggo nguwot sepidhahe. Kang Bambang uga ngomong kabeh bisa dilakoni kadhung melaku nganggo selogane Ikawangi tepak dina dadine September kepungkur yaiku "Gendhong Indhit Megiyet Bareng."
Gowes lan Senam Bareng iki diberangkataken Ketua Ikawangi Jakarta Timur kang H. Sugiman dikancani Ketum Ikawangi Pusat kang Bambang Sugiyono, pak Hafandi Noer sesepuh lan salah sijine pendiri Ikawangi, uga pak Sujiono Ketua pokmas Gowes Ikawangi.
Ring acara sename, sakliyane instruktur, uga dipimpin langsung ambi kang Bambang lan rabine, kang H. Sugiman, pak Hafandi lan uga dipiloni para sesepuh hang hadir masiya wis umur taping katon tetep semangat.
Ring kegiyatan iki uga ana acara hiburane, yaiku grup kesenian Sekar Arum Jakarta Timur. Kang H. Sugiman minangka ketua Ikawangi korwil Jaktim mula nyeja sing ngundang penyanyi-penyanyi hang wis kesuwur ring acara iki. Iyane lebih dhemen nampilaken keseniane dhewek lan ngangkat anggota Ikawangi dhewek makene dadi terkenal liwat seni musik Sekar Arum iki. Dadi Ikawangi duwe artis dhewek kayata penyanyine kang Jamil Segara, mbok Feby, uga mbok Juminten hang ketepakan hing bisa teka.
Kang Sugiman uga ngomong, iyane mbukak kesempatan kanggone sapa bain hang bisa milu latihan kesenian ring Sekar Arum. Hang duwe bakat mainaken alat musik, hang bisa vokal, teka korwil endi bain ulih milu latihan merga wis jangkep ana werangkat musike.
Acara Iki uga ketekanan dhayoh warga Banyuwangi yaiku Tessy alias artis Srimulat Kabul Basuki. Ketepakan umahe Tessy ana ring kawasan Jaktim. Iyane ngomong gok iyane girang seru kerana diundang lan bisa kumpul dulur-dulur teka tanah kelairan lan jugedan bareng, merga sakat ana pageblug iki iyane durung bisa mulih nyang kampunge.
Sakliyane iku ana pisan adhike penyanyi senior Banyuwangi Yuliatin yaiku mbok Yuliastuti hang milu nyumbang suwara, nggandhangaken gendhing Gelang Alit. Mbok Yuliastuti Iki milu grup Pokmas Ikawangi Magenta.
Acara iku uga akeh ngewani door prize hang hadhiyah utamane sepidhah, rong TV flat 32 inci, petang HP lan puluhan hadhiyah liyane hang diundhi kanggo hadhiyah kabeh hang nekani acara.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kontributor Belambangan.com M. Jamil Rendra
Editor: Antariksawan Jusuf






