Tim Basa Using Kabat Njenggirat
Istipadah (dipublikasikan pada Selasa, 15 Maret 2022 10:06 WIB)
- Laporan
Banyuwangi ambi Basa Using kaya dene ethuk ambi semat, sing keneng dipisahaken. Minangka usaha nguri-uri basa Using iki, Pemerintah Kabupaten Banyuwangi nganakaken pirangane kegiyatan. Salah sijine nggawe workshop Basa Using kanggo guru-guru SD sak Banyuwangi ring hotel Kokoon ulan Nopember kepungkur. Saben kecamatan kudu ngirim guru akehe papat, kelebu kecamatan Kabat. Bapak Kakorwilsatdik, Drs. Hanan, MM nugasaken petang guru yaiku Istipadah, S.Pd, Reuni Juwita, S.Pd, Emy Riana, S.Pd lan Purbo Arin Vidianto, S.Pd milu workshop mau.
Sakmarine iku, merga Banyuwangi arep nganakaken lomba ndongeng lan maca guritan Using ulan Desember 2021, Pak Hanan merintah tim Basa Using Kabat kang anggotane guru jak papat mau nyeleksi lare kang milu lomba iku kanggo dikirim dadi perwakilane Kabat ring lomba kabupaten. Sing mandheg semono bain, kanggo nerusaken ilmune ring kabeh guru sak kecamatan, Bapak korwil ngongkon Tim Basa Using Kabat mau nganakaken sosialisasi. Protokol kesehatan kudu tetep dipiloni. Mulane acara iki dianakaken pindho. Tanggal 9 Maret ana ring SDN 1 Macan Putih kanggo guru kelas 4,5,6 sak gugus 1 lan 4, tanggal 10 Maret ana ring SDN 3 Pakistaji kanggo guru kelas 4,5,6 sak gugus 2 lan 3. Ring pembukaan, kabeh guru dijak nggandhang gendhing Umbul-umbul Belambangan.
Sosialisasi Ring SDN 1 Macan Putih sakliyane ditekani Kakorwil Kabat uga ana Kabid SD, Bapak Sutikno, M.Pd. “ Isun uweni jempol loro kanggo kecamatan Kabat kang wis nganakaken sosialisasi. Sun regani temenan, masiya Kabat meh kabeh wong Using, naming tetep megiyet nguripi Basa Using. Mayo nguri-uri basa iki, kadhung sing Rika lan Isun kabeh ya sapa maning,” jare Pak Sutikno ring sambutane kang mesisan mbukak acara.
Kadhung ring SDN Pakistaji 3 acara inti dibukak ring Bapak Hanan lan ditekani salah siji tim Basa Using Kabupaten, Ibu Sri Rahayuningsih, S.Pd kang umahe ana ring desa Sambimulya kec. Bangorejo. Bu Sri nguweni sithik sambutan. “Terima kang akeh kanggo kecamatan Kabat kang wis nganakaken sosialisasi Basa Using. Isun milu girang lan mongkog. Kabat wis dadi proyek percontohan kanggo kegiyatan iki.”
Sedurunge diwani materi, ditampilaken lare kang bengen milu lomba maca guritan lan ndongeng Using tingkat Kabupaten Banyuwangi kanggo mengeti Harjaba ulan Desember 2021 kepungkur. Kang maca guritan yaiku Nur Zahwa Adila Jelita, murid SDN 1 Dadapan kang dadi juwara 1 sak kabupaten, lan kang ndongeng yaiku Elvyra Carysta Jahro, murid SDN 4 Kabat kang dadi juwara harapan 1 sak kabupaten.
Materi ring acara iki yaiku kebahasaan lan Sastra Using. Kebahasaan disampekaken ambi Mbok Isti lan Mbok Juwita, Sastra Using disampekaken Mbok Emy lan Kang Arin. Naming sedurunge, Bapak Hanan, kang umahe ana ring dusun Bodean, desa Kabat iku nguweni sithik materi lan ngajak nggendhing Using. Peserta padha seneng milu, merga bisa nambah ilmu. Mergane masiya akeh guru kang aseli Using, naming magih akeh materi kang durung diweruhi, cara nulis, cara maca, sastra, lan liyane. Peserta uga diwani latihan nggawe basanan lan niti tulisan kang salah makene saya jelas materine. Tim Basa Using Kabat lega bisa nyampekaken sithik ilmune, muga-muga nggawa manpaat kanggo liyane.
Kabid SD kab. Banyuwangi, Bpk. Sutikno, M.Pd nguweni sambutan mesisan mbukak acara ring SD Macanputih 1.
Peserta sosialisasi Basa Using ring gugus 1 lan 4 ring SDN 1 Macanputih.
Kakorwilsatdik Kabat, Drs. Hanan,MM nguweni sambutan mesisan mbuka acara ring SDN 3 Pakistaji.
Bareng salah siji Tim Basa Using Kabupaten, Sri Rahayuningsih, S.Pd (Nomer 2 teka kiwa)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







