Tongkos Scuba Cocog Kanggo Pagelaran Seni
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 15 Juni 2020 06:40 WIB)
- Laporan
Melebu ring ulan Juni iki mangsa PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar) diganti ambi mangsa Normal Anyar yaiku mangsa masyarakat bisa urip kaya sedina-dinane sedurunge ana pageblug, naming nganggo protokol kesehatan covid-19. Mangsa iki uga diarani wayah transisi yaiku mangsa peralihan antarane mangsa PSBB nyang mangsa normal biyasah.
Umpamane pasar lan panggonan wisata hang sakdurunge ditutup bisa bukak naming kudu nganggo protokol standar pencegahan penyebaran virus corona. Wisatawan, bakulan, lan hang padha belanja wajib anggone nganggo masker. Wesuh nganggo sabun uga njaga jarak kadhung ana ring njero panggonan wisata lan njero pasar.
Hotel lan restoran ya wis ulih dibukak naming kudu ngewatesi akehe dhayoh hang teka. Merga kelawan ngewatesi dhayoh iki bisa nggawe jarak hang aman saklawase ana ring hotel utawa restoran mauka.
Pemerintah Daerah Banyuwangi liwat Satgas Gugus Covid-19 wis nggawe aturan hang pancen lan mugen kaya dene protokol kesehatan penanganan pencegahan penyebaran covid-19 iki. Sakteruse kaya hang wis dinyatakaken Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Taufiq Hidayat kanggone para seniman hang arep manggung utawa tanggapan uga kudu ngugemi aturan pemerintah iku mau.
Anane face shield (topong) saktemene iku sing wajib naming bisa dadi tambahan hang nguwati keyakinan. Naming kadhung dianggep ngganggu nyang pertunjukan face shield iku mau ulih sing dienggo naming masker iku wajib anggone sapa bain pemain, penabuh, lan penonton.
Sakliyane iku Taufik Hidayat iki uga nduduhaken masker model scuba yaiku masker hang cocog kanggone penari. Dianggep cocog mergane masker iki sing ngilangaken rupane penari sak kabehane kayadene masker hang dienggo gandrung tongkosan hang main ana ring penyambutan tamu ring Kampung Tangguh sabane ika.
Kerana sakdurunge hang wis kaya ana ring pideo media sosial yaiku anane gandrung hang nganggo tongkos lan topong dianggep sing mupakat ambi para facebooker anggotane grup gesah iku. Sing sithik hang mencep lan alok-alok dhung gandrunge iku sing cocog merga sing bisa mesem lan sing katon raine. Mboh iku ayutah using.
Mula iku Taufik Hidayat nanggepi gesahan iku ambi nduduhaken tongkos model scuba iki nyang reporter belambangan.com sedina sakmarine rembugan dina Senin, 8 Juni 2020 ambi sanggar-sanggar tari ring Banyuwangi. Tongkos scuba iki cocog merga bisa ngepres nyang raine penari, paran maning kelire tongkose disamaraken nganggo kelir hang dipadhakaken kelire kulit. Utawane maning dipadhakaken ambi penganggo penarine. Umpamane sampur lan tapihe abang bisa bain tongkose abang.
Pungkasane sakmareke ngumpulaken limang sanggar gedhe ring Banyuwangi kanggo nguweni sosialisasi pergelaran ring mangsa Normal Anyar iki, ketua DKB iki uga arep ngumpulaken penyanyi, pencipta lagu, lan musisi hang biyasah manggung lan gelar ana ring hotel-hotel kanggo nguweni mupakatan protokol kesehatan pencegahan virus corona. Makne kabeh seniman bisa manggung maning ring mangsa iki. Muga-muga niyatan hang apik iki bisa nggelar kesenian maning saklawase hang mandheg merga covid-19, gediku pensiunan dokter ring RSUD Genteng iki mungkasi keterangane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf







