Uji Kompetensi Tari ring Dina Dadine Sanggar Tari Sayu Wiwit Aliyan Rogojampi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 21 April 2025 08:10 WIB)
- Laporan
Bengi iku dadi rumange desa Aliyan Rogojampi merga ana Sanggar Tari Sayu Wiwit hang duwe gawe mengeti dina dadine hang kaping 19. Mangkat sakat isuk ring dina Ahad, tanggal 20 April 2025 buru pungkas tutupe ring wayah bengi.
Hang aran dhayoh hang teka sampek kaya wong duwe gawe nanggap janger. Sakliyane wali murid sanggar lan anak dhidhike, uga ana pimpinan-pimpinan sanggar-sanggar tari hang ana ring Banyuwangi hang nekani hajatan setaun sepisane Sanggar Tari Sayu Wiwit hang manggon ana ring dusun Cempoko Sari desa Aliyan Rogojampi Banyuwangi.
Hang nekani liyane ana uga Choliqul Ridho, hang tau dadi penggedhene Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi hang saiki njabat dadi Sekretaris Dinas Pemberdayaan Masyarakat dan Desa (DPMD) Banyuwangi. Sakliyane iku ana uga Sri Uniyati hang nduweni Sanggar Jingga Putih Rogojampi sakpeninggale Sumitro Hadi lan Kepala Desa Aliyan.
Choliqul Ridho nyatakaken ring pidhatone kadhung sanggar tari Sayu Wiwit iki wis pantes dadi sanggar gedhe mergane kadhung diibarataken uwong wis sing remaja maning naming wis cukup dadi wong dewasa. Sing sithik penghargaan hang wis diduweni sakat juwara tingkat kabupaten sampek nasional, malah ana uga penarine wis bisa ngambah manca negara yaiku nong kutha Riyad Arab Saudi.
Sri Uniyati (Bu Unil, red) hang disebut-sebut gurune para penari hang ana ring Banyuwangi uga nyampekaken nyang para murid-murid Sanggar Tari Sayu Wiwit, kudu temenan anggone latihan makene bisa dadi penari hang apik sing sukur-sukur dadi penari. Ambi mberebes mili Bu Unil hang uga diarani Nyonya Sumitro Hadi iki milu seneng merga sanggar tari Sayu Wiwit pimpinane Jajulaidi iki wis bisa njaga lan nerusaken kesenian tari teradhisi Banyuwangi kaya hang diangen-angen ruwahe Sumitro Hadi nyang anak-anak dhidhike kelebu Jajulaidi hang wis dianggep anak dhewek ambi Sri Uniyati lan ruwahe Sumitro Hadi Maestro Tari Banyuwangi.
Arume Kembang Wangsa, dadi tema hang digawa ring taun iki, miturut Jajulaidi, S.Pd Pembina Sanggar Tari Sayu Wiwit Rogojampi dikarepakan tema iki bisa dadi tekade para putu lan canggahe Buyut Wangsa Kenanga netepi tekad nguri-nguri seni budaya hang ana ring desa Aliyan makene lestari njaga budayane kaya tekad lan lakune Mbah Buyut Wangsa Kenanga hang wis mbabat alas desa Aliyan bengene.
Ring dina hajatan kelairane sanggar hang kaping 19 taun iki dianakaken uji kompetensi antarane kabeh murid sanggar hang kurang lebih 150 lare hang umure antarane TK, SD, SMP, sampek SMA. Limalas akehe tarian diujekaken, pesertane diweni penghargaan juwara ring tari kelompok (grup) lan juwara ring tari perseorangan (individu). Edi Kanthong lan Hadi Pramono hang dipercaya dadi juri ring uji kompetensi iki katone bingung milih mergane kabeh penarine apik-apik.
Dene tari hang diujekaken ring dina iku antarane bain, Gandrung Gurit Mangir, Cakup, Ciblungan, Onclang Kidang, Nyiru, Punjari, Jakripah, Hadrah Sholawat, Mapag Dayoh, Jenggirate Sekar Bayu, Cengkir Gadhing, Kembang Pethingan, Kembang Kemangi, lan tari Selendhang Sikep.
Sakliyane iku Sanggar Tari Sayu Wiwit uga nguweni 3 penghargaan penghargaan khusus nyang uwong-uwong hang wis dianggep duwe kiprah hang gedhe nyang ngadeg jejege sanggar yaiku Nyang P. Mukarom, Pak Hanipan (Pak Embing: red) lan Bu Sri Uniyati.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Hani Z. Noor







