Ujian Basa Using, Perlu Tah Sing?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 Juni 2020 07:39 WIB)
- Laporan
Ujian basa Using ring semesteran sekolah dasar ring Banyuwangi sore iku dipangluh mergane dianggep "malpraktik".
Guru ring SMU hang duwe anak magih sekolah SD, Iroe S. Mahdi, ring akun facebooke, ngomong gok mata pelajaran basa Using iki arang diajaraken, taping kok ana ujiane.
"Kadhung sing ana tenaga guru hang mulang mata pelajaran iki, mesthine diilangaken bain makene hing ngabot-aboti lalare lan sing perlu diujekaken," gedigu jare Iroe hang tesise bab Pengajaran Bahasa Using d SDN 1 Pakis, SDN 1 Singonegaran dan SDN 1 Pengantigan.
Lalare murid SD ring Banyuwangi sak mesthine magih diwulang pelajaran basa Using, taping ana sekolahan hang sing ajeg ngajaraken.
"Kegedhen napsu, nana tenagane," jare
Iroe hang ngaku mulang ring SD swasta Habibulloh sakat 2003 nyang 2011. Sekolah iku hing ngajaraken basa Using naming tetep nggelar ujian kanggo mata pelajaran iku.
Salah siji hang milu nulis komen ring statuse Iroe iku, Insan Tamcobk, wong tuwek hang anake melebu sekolah ring SD Mojopanggung 1, ngakoni gok anake sakat kelas 3 wis ulih pelajaran basa Using. "Dadi hing kaget kadhung ana ujian merga ring pelajaran ana jadwale...ana LKS (lembar kerja siswa)," gedigu jare Insan.
Tepak ditakoni, logat endi hang diajaraken, Insan njawab gok iyane sing weruh merga iyane wong Medura, hang mung weruh basa Using mung siji yaiku hang ana ring Kemiren utawa ring Cungking.
Dadi sakbenere kelendi? Pengawas pelajaran Basa Using ring kecamatan Kutha Banyuwangi, Nany Asiani ngomong gok kabeh dibalekaken maning nong gurune.
"Kurikulume wis ana, wajib, materi ana, apuwa sing diajaraken?" Pitakone Nany hang wis dadi pengawas sakat 1 Juli 2005.
"Iki Isun ndata guru-guru wilayahisun...kabeh ngajaraken basa Using," jare Nani hang uga milu dadi penyusun materi ajar basa Using. "Basa Using iku kelebu mata pelajaran muatan lokal. Dadi uga kudu ana KKM-e (Kriteria Ketuntasan Minimal) kaya dene pelajaran liyane," jare Nani.
Basa Using dikawiti melebu dadi pelajaran sekolah minangka muatan lokal (mulok) sakat taun 1997 kelawan percobaan ring telung kecamatan, aju sakat taun 2002 diajaraken nyang kabeh kecamatan.
Taping dalane rada geronjalan, jare Nani, merga 1. Tenaga pengajar hang hing patiya paham nong penulisan ejaan basa Using 2. Minangka muatan lokal, anane hing patiya penting. Umpamane arep melebu SMP, pelajaran basa Using hing ana maning. 3. Pasilitas teka Pemda hang kurang. Mandaneya saben sekolah diuwani kamus Basa Using, buku ejaan, nawi nggampangaken guru kanggone sinau 4. Ucap-ucap basa Using kurang diregani, umpamane saben acara pestipal nganggo istilah asing dudu basa Using. Masarakat weruhe basa asing. Tuladhane: BCE (Banyuwangi Culture Every day). Masiya ring njerone utawa belegerane iku setemene ya kesenian Banyuwangi 5. Ana Perda (Peraturan Daerah) taping hing disusuli ambi Perbup (Peraturan Bupati).
Emane magih akeh wong-wong hang nulis materine nganggo kurikulum 2013 minangka rujukane.
"Taping ya mung sewates nulis, kelendi sakteruse hing weruh. Isun minangka penanggung jawab materi, penyusun kurikulum, saklawase setahun iki wis nyampekaken materinya nganggo file. Taping nawi iki keneng dampake Covid-19."
Kanggo pengayaan, guru-guru wis nulis LKS taping mung melaku dhewek-dhewek, dudu lembaga."
Susahe mulang basa Using uga dirasakaken ring Juwono, guru SDN Lemahbangkulon, Singojuruh.
"Sing ana cetakan buku materi pokok basa Using lan kurange tenaga guru basa Using," jare Juwono.
Dadi kelendi apike? "Mesthine hang duwe program ya nyedhiakaken pisan tenaga pengajare lan sekaligus ngupahi," jare Iroe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








