Ujian Paket C: Teka Sawahan Sampek ning Umah
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 10 April 2020 08:01 WIB)
- Laporan
Pageblug Virus Corona utawa Covid-19 wis ngubah tatanan penguripan saben dinane, iki merga ana ketentuan teka Pemerintah salah sijine sing ulih kumpul-kumpul. Kelebu kumpul ring kelas kanggo belajar lan ngajar, uga diilangaken lan disiluri sinau teka umah. Ulan iki wayahe ujian Kelompok Belajar Paket-C, utawa sekolah setingkat SMA, kepaksa dianakan kelawan cara online. Peserta Kejar Paket-C, sing perlu teka lan nggarap sekolah ujian ring kelas, naming teka endi bain bisa dilakoni.
Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, nyeja nguweni “fasilitas” kanggo peserta Kejar Paket-C milu Ujian kelawan cara online. Iki bagiyan teka ndukung programe Pemerintah Social Distancing, utawa njaga jarak sakjege ana pageblug corona. Gambar-gambar lan video peserta Kejar Paket C ring Banyuwangi, dikirim nyang wartawan ambi Staf Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi. Ana hang pas nyang sawahan, diparani ambi petugas diduduhi kadhung wayahe nggarap soal-soal ujian. Peserta hang uga wong tani mau, aju ngepos nyang pondhok lan wis ana handphone ambi power bank.
Petugas sak durunge wis ngabari nyang peserta, kadhung kudu cawis paket pulsa ring hapene dhewek-dhewek. Engko ring dina lan jam hang wis ditamtoaken, iyane bisa milu ujian online teka endi bain iyane ana. Sak liyane ana hang nggarap soal ring sawah, ambi ngurebaken timba kanggo tatakan, uga ana hang tepak megawe, nggarap soal-soal mau ring konter panggonan iyane megawe. Soal-soal ujian mau, dikirim Dinas Pendidikan Banyuwangi liwat WhatsApp peserta.
Jare Nurisatus Sholeha, Kepala Bidang Pendidikan Masyarakat Dinas Pendidikan Banyuwangi, kabeh peserta Kejar Paket-C sak Banyuwangi ana 1.763. Sak liyane ana ring Banyuwangi, uga akeh hang megawe ring njabane Banyuwangi, kaya Bali lan sing bisa molih. “Kelawan ujian cara gedigi, hang nong boroan lan sing ulih mulih nyang Banyuwangi, magih bisa milu tanpa alangan. Iki untungeujian kelawan cara online, sepisan bisa ngelakoni karepe pemerintah ambi njaga jarak, kelorone program belajar hang wis direncanaken tetep melaku kaya hang dikarepaken," jelase Nurisatur sholeha nyang Wartawan.
Sak liyani wong tani, uga akeh emak-emak enom hang milu Paket-C. Wayah milu ujian online, iyane ambi ngemong anake. Malah ana hang buru ngelairaken, ujian mau ya ambi momong anake ring peturon. Magih akeh maning potrek-potrek ujian Paket-C iki, durung videone uga macem-macem lan nduduhaken gedhene karep sinau teka peserta Kejar Paket mau.
Prakteke, soal-soal ujian hang dikirim liwat WhatsApp mau, aju digarap ring lembar kerja kelawan cara manual. Kadhung kabeh wis dijawab uga wayah hang disediakaken wis entek, peserta kudu gage ngirim lembar jawaban mau, ambi cara dipotrek liwat handphone aju dikirim nyang angger Kecamatan wilayah domisiline peserta. Marek iku, peserta uga Video Call nyang panitia kecamatan, kadhung iyane wis nggarap soal-soal ujian ambi cara mandiri, utawa digarap dhewek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








