Unjuk Karya Merdeka Belajar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 07 Maret 2022 09:23 WIB)
- Laporan
Ater-ater: Kelendi acara Unjuk Karya Merdeka Belajar? Pengawas SD sak kecamatan Banyuwangi mbok Nani Asiany MS nyeritakaken ring laporane.
Rong dina iku tanggal 4 lan 5 Maret 2022 ning aula SDN 4 Penganjuran katon rumang merga ana acara kang diarani Unjuk Karya. Sak ubenge njero aula dietap meja hang ring ndhuwure dipameraken macem-macem karya asile pelatihan In House Training (IHT) sak ulan kepungkur. Pelatihan kang dianakaken ambi gugus sekolah 04 SD kecamatan Banyuwangi iku dipiloni guru-guru sak gugus 04 mulai teka guru kelas 1 sampek kelas 6 lan guru mata pelajaran kang suwene rong dina. Sakmarine nampa teori ngenani pembelajaran kang lebih kesuwur aran program Merdeka Belajar aju disambung peraktek nong sekolahane dhewek- dhewek.
Gugus sekolah 04 kang dipimpin Dra.Hj. Setyaningsih, MM kepala SDN 4 Penganjuran minangka kepala SD inti kepingin mujudaken Merdeka Belajar iku kanggo kabeh sekolah imbase kang anggotane teka SDN 2 Penganjuran, SDN 1 Karangrejo, SD Muhammadiyah 1, SDIT Al Uswah 2, SDK Santa Maria, lan SDK Petra. Iyane kepingin prinsip- prinsip pembelajaran kang ngutamakaken (berpusat) nyang murid iku bisa diterima lan diperaktekaken ring sekolah-sekolah imbase. Kanggo mbuktekaken kadhung asil pelatihan IHT diperaktekaken, gugus sekolah ngejak pengawas sekolah. Nong kono dideleng mulai teka rencana ngajare, media/alat peraga, pembelajaran, sampek nyang penilaian (asesmen).
Acara Unjuk Karya dibukak ambi Suratno, S.Pd, MM, Plt Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi. Nong pidhatone Suratno nyampekaken kadhung acara Unjuk Karya Merdeka Belajar tepak ambi konteks Banyuwangi Rebound. Masiya ring Banyuwangi durung ana sekolah kang gabung nong Program Sekolah Penggerak taping Gugus Sekolah 04 SD Kecamatan Banyuwangi wis mapag program Merdeka Belajar, mujudaken pembelajaran kang ningkataken kapasitas murid lan digitalisasi. Pesene Suratno Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) lan pideo pembelajaran kang wis didokumentasekaken liwat digital utawa nganggo barcode iku bisa didadekaken conto kanggo sekolah utawa gugus lan kecamatan liyane. Nong acara iku uga dihadiri Sutikno, M.Pd, Kabid Pendidikan SD, Erpandi,M.Pd Kasi PMPTK SD, Korwilker Satdik kec. Giri lan Glagah, uga korwil kecamatan Banyuwangi minangka kang duwe repot. Sakmarine mbukak acara, Suratno lan para tamu aju keliling ndeleng karyane sekolah-sekolah kang nggabung ring gugus 04. Iyane puwas ndeleng karya guru-guru lan murid-murid kang wis nuju digitalisasi. Iyane malah nyacak robot-robot karyane murid SDN 4 Penganjuran.
Erpandi, M.Pd Kasi PMPTK SD uga nyatakaken puas nong acara Unjuk Karya iku. Saben stan kang akehe pitung sekolah diparani siji-siji. Acara iki apik seru, jare Erpandi njelasaken. Nong kene nduduhaken kadhung prinsip Merdeka Belajar, murid sing mung dijejeli pengetahuan taping diweni kebebasan supaya mandhiri lan kreatip. Potensi murid bisa ngembang, kaya kang dipameraken SDN 1 Karangrejo. Kerana masarakat sekitar akeh kang prodhuksi keripik lan jamu, sekolah bisa kerja bareng ambi masarakat nggawe keripik kang renyah lan jamu gendhong kang sedhep. Ambi semangat Erpandi nambah keterangan, “Kaya SD Muhammadiyah 1, sakdurunge pandemi wis ana acara Market Day sedheng SDIT Al Uswah nganakaken acara Business Day. Sekolah-sekolah iki supaya tetep nganakaken acara iku mergane uga ngembangaken potensi murid. Iki tepak ambi Merdeka Belajar cuma kadhung nganakaken acara kaya gedigu kudu ambi nerapaken protokol kesehatan”.
Jare Janoto, S.Pd Korwilker Kec. Glagah, acara Unjuk Karya Merdeka Belajar iki arep ditiru merga cocog ambi program Banyuwangi Rebound masiya tawis sing bisa dianakaken saben gugus. Temenan, kesuke Janoto ngejak kabeh ketua gugus lan pengurus K3S Kecamatan Glagah nekani acara Unjuk Kerja Merdeka Belajar gugus 04 kecamatan Banyuwangi. Serang asike sing kerasa Janoto lan kanca-kanca nekani acara sampek penutupan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







