Upacara 18 Desember Mengeti Tandange Para Pejuwang
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 19 Desember 2025 07:09 WIB)
- Laporan
Upacara 18 Desember Mengeti Tandange Para Pejuwang
Bupati Ipuk Fiestiandani hang dadi Inspektur Upacara mengeti 254 taun dina dadine Banyuwangi, nyampekaken kadhung upacara Iki dudu mung nengeri wektu. Naming kanggo nengeri anane tandange para pejuwang warga Belambangan ring tahun 1771.
"Dina dadi Banyuwangi kudu dadi barang urip-uripe semangat Tandang Bareng. Iku wis ana buktine, Kabupaten Banyuwangi bisa njenggirat tangi, ulih pirang-pirang penghargaan kanggo macem-macem bidhang. Antarane yaiku Banyuwangi dadi "Kabupaten Terinovatif".
Miturut seniman, Kang Aden, mesthine werangkat upacarane nganggo basa Using, supaya ana rasane kadhung Iki upacara kanggo mengeti Dina Dadine Banyuwangi.
"Kadhung Sun rasak-rasakaken, nana bidane ambi upacara pelajar saben dina Senin," abane tokoh hang duwe aran asli Ribut Santoso lan pemeran Janakim iku.
Ngawiti upacara, ana gendhing-gendhing patriot banyuwangen teka kelompok aubade lan gendhing-gendhing Using teka Tim Victor electon. Disambung fragmen juang 1771 hang dimainaken ring siswa-siswi Sekolah Rakyat Licin, dikuwataken ambi para tokoh seniman kaya dene Kuncoro, Aekanu, Ismuwardoyo, Selamet Diharjo lan disuteradharai H.Samsudin Adlawi.
Dum-duman penghargaan kanggo instansi lan lembaga hang duwe jasa kanggo pengembangan kebudayaan Banyuwangi uga kanggo pengelola pajak, wajib pajak, pajak reklame lan liya-liyane. Penghargaan iku dielungaken ambi Bupati, Wakil Bupati dikawal anggota Forum Kordinasi Pimpinan Daerah (Forkopimda).
Sing gelem kalah, dunia pendidikan uga ulih penghargaan Adi Wiyata Karya teka Kementrian Lingkungan Hidup RI. Hang nerima antara liya SDN 4 Kabat, SDN 4 Penganjuran, SDN Kebalenan, SDN Kepatihan.
Penghargaan uga diterima kanggo pengelola kesehatan, kearsipan desa lan kelurahan. Yaiku Desa Badean, Desa Bubuk lan Kelurahan Pengantigan, Singotrunan, Temenggungan, Kampung Melayu, Kampung Mandar, Penganjuran, Kertosari, Karangrejo lan Kelurahan Sobo. Sak liyane kategori desa lan kelurahan ana uga kategori kecamatan.
Upacara ditutup kelawan sendra tari Jayantara Bumi Belambangan hang dilakokaken ambi siswa-siswi SMP se Kabupaten Banyuwangi.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto: Kang Ujik
Editor: Hani Z. Noor