Usum Udan, Amening Aja Munggah Ijen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 04 Juni 2020 06:36 WIB)
- Laporan



"Aja munggah Ijen sulung saiki. Rekomendasi kene hing ulih ngeleboni kawasan radius 1 km," gedigu jare Koordinatore Pos Pengamat Gunung Api Ijen (PPGA) Suparjan nyang belambangan.com.

PPGA iku instansi ring ngingsore Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG) Kementerian Energi lan Sumber Daya Mineral.

Kedadeyan belahi ring bungase ulan Mei kepungkur ring kawah Ijen, banyu kawah munggah lan mateni salah siji petugas solfatara PT Candi Ngrimbi, Andi, wong Muncar hang wis puluhan taun manggon ring Jambu Licin. Mayite ditemokaken kancane petugas solfatara pisan hang aran Arifin, wis kemambang ring kawah kono. Arifin dhewek aju ngelangi nyemplung banyu kawah hang nggarai gatel merga kadhar asame dhuwur, njuwut kancane dieret sampek minggir. Petugas solfatara iku tugase njaga tambang welirang kanggo mastekaken tambange ajeg ngetokaken welirang, kayata mbanyoni wesi tambang. Wong loro iku megawe nong perusahaan hang nampa asil lan ngolah welirang kanggo diedol nyang industri gula.

Tanggal 29 Mei jam 11.34 iku kawah Gunung Ijen ngetokaken bualan (upwelling). Saksi mata ana hang ngomong banyune munggah sampek nong panggon wong nambang belerang.
"Mula saben taun, wayah rendheng mesthi ana bualan (upwelling). Taping pekara dhuwure sepira ya hang nong lapangan hang weruh," jare Suparjan hang kantore ana ring Tamansari Licin.
Bualan hang arupa kaya banyu gemulak tau kedadeyan taun 2015, 2017, 2018, 2019, lan taun 2020 hang pungkasan. Taun sedurunge ya kedadeyan pisan.
Masiya gedigu bualan durung mesthi nggawe munggahe banyu kawah kaya sore.

"Biyasahe hing nggawe ombak. Banyu hang jare sampek ngebeki panggonan nambang ring pesisire kawah sore iku uga info teka petugas penambang," jare Suparjan wong asal Jawa Tengah hang wis 10 taun manggon ring Banyuwangi.
Kawah Ijen kira-kira werane 910 x 600 meter mula rada nderawasi kadhung tepak musim udan. Sak liyane ana bualan, kadhang ya ngetokaken welek racun

Merga endahe, Gunung Ijen (2386m) dadi jujugan wong ngelencer nomer siji ring Banyuwangi. Tapi ring mangsa PSBB iki, mung diambahi wong-wong hang nambang welirang ring pinggir kawahe.
"Masarakat, wisatawan lan penambang hing ulih mareki kawah lan hing ulih nginep radius 1 km teka kawah."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf