Uwit Upas ring Belambangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Mei 2023 09:06 WIB)
- Laporan



Uwit Upas iki jaman bengen seru medenine. Hing maido merga wit Upas, kaya arane, mula ngetokaken racun. Manuk hang miber marek wit Upas sakkal cicir, matek. Durung maning cerita-cerita hang nambah-nambahi mandine racune sampek dicathet ring kumpulan ucap basa Banyuwangi hang ditulis ring R. Binata taun 1929, gedigi:
Padulangan ring tanah Purwa: manut gugon tuhone wong-wong akeh apan ana angina (barat) teka kidul-wetan arah teka teluk Purwa, bakal akeh penyakit merga nggawa  hawane kayu upas sadulang. Ana wong hang ngarani saking dhuwure kayu upas iku sundhul langit, mulane sampek seperene diarani: upas sadulang.

    Sangking wedine, sampek dadi tetenger kadhung tepak wayah barat (rendheng) akeh penyakit, iku merga wit upas.
   Ring cathetane wong Inggris hang ngumbara ring nusantara hususe tanah Jawa lan cathetane diterbitaken taun 1811, John Joseph Stockdale,  kayu Upas hususe hang ana ring propinsi Belambangan lan Banyuwangi iki dijelentrehaken dhewek.
   Stockdale ring buku Sejarah Tanah Jawa (aseline The Island of Java) iku ngomong wong pribumi sakliyane ndeleh nong pucuke gaman kayata panah, keris lan tombak, uga ring mangsa perang ngeracuni sumbere banyu hang dijuwut Landa ambi racun Upas iki. Mangkane marek iku Landa mesthi ngerawati iwak nong sumber hang banyune dijuwut enggo ngombe. Kadhung iwake matek, aetine banyune wis diracun.
   Stockdale nyebut aran propinsi Belambangan lan propinsi Banyuwangi minangka panggonan hang akeh wit upas.
   "Wit upas akeh nong propinsi Balembouang (Belambangan-red). Wit iki katon kaya wit elm lan dhuwure bisa sampek 30-40 kaki (9-12 meter-red)," tulis Stockdale.
   Ana rong macem, hang dikenal kelawan aran upas, utamane ambi pendhudhuk wetanan.
   "Wit-witan hang ngasilaken racun iki mung merujuk ring propinsi Bagnia-vaugni (Banyuwangi)," jare Stokdale.
   Ana rong macem, upas antiar lan upas ticute, hang pungkasan iki racune seru mandine lan hing patiya akeh hang weruh kelebu para pribumi, malah ring antarane wong-wong iku dhewek, rahasia ngolahe dikekepi dhewek, ngolahe lebih njelimet timbang upas antiar.
   Stockdale aju njorok wong kanggo nduduhi sumber racun iku. Cumpune teka wit hang ngerambat ring alas hang diarani ticute.
   Stockdale nyacak nyuduk kewan (bebek) ambi panah hang diwani upas, mung perlu waktu telung menit, matek.
   Antiar (aran latine antiaris Toxicaria) wite gedhi. Hang spesimene dijuwut Stockdale dhuwure lebih 30 meter. Dene ticute iku wite merambat.
   Hing maido upas teka wit upas iki dadi andhalane para pejuwang Belambangan jaman bengen, dadi gamane mandi.

   Taping saiki nong endi panggonane wit Upas nong Alas Purwo? Cirine, wite urip adoh teka wit liyane. Sak puterane kira-kira 2-3 kilo teka wit iku garing, hing ana wit-witan liyane, sampek suket bain hing merujuk nong kono.

   Stockdale cerita jaman bengen ring parek Surakarta, kadhung ana penjahat hang diukum mati, magih diwani pilihan. Sepisan, diukum ambi algojo, utawa golet pulute kayu Upas. Polae kadhung selamet marek njuwut pulut iku, mesthi diwani hadhiyah ambi raja. Sedurunge mangkat njuwut, kudu ngadhep nang ustad hang weruh panggonane wit iku. Kadhang sedurunge melaku, uwonge manggon pirangane dina nong umahe ustad iku, hang uga nyiapaken kelawan ndongakaken wonge. Ustade nyangoni capil kulit dawa lan rong kaca hang dideleh nang ngarepe wonge, uga sarubg tangan kulit. Marek diateraken ambi ustad, kanca lan dukur-dulure, buru wonge dieculaken dhewk miloni pituduh hang diwani ustad. Puthuk endi hang dituju, miloni banyu hang endi hang bisa njujug nang wit Upas. Ustade cerita, iyane wis manggon nong kono suwine 30 taun, iyane wis ngateraken 700 penjahat kanggo golet upas, lan ring antarane wong 20 mung loro hang bisa mbalik.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Potrek: teka Historia.id

Editor: Antariksawan Jusuf