Vaksinasi Rakomwangi Ambi Puskesmas Paspan

Joko Purwosusanto (dipublikasikan pada Jumat, 05 November 2021 06:49 WIB)
- Laporan



Radio Komunitas Banyuwangi nganakaken vaksinasi masal dosis 1 lan 2 kanggo masarakat umum ring Radio K-Jon Fm ring Desa Kemiren, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi. Kegiyatan vaksinasi hang dianakaken dina Rebo, tanggal 27 Oktober 2021 iki dipiloni wong 300.

Jare Ketua Paguyuban Rakomwangi, Mustakim, kegiyatan iki nduweni karep milu jare nguweni semangat nyang masarakat makene padha gelem milu vaksin lan aja sampek nggugu omongan uwong kang hing bener (hing gelem vaksin). Saumpamane jare ana kang mari divaksin semaput, kadheman, lumpuh lan mati iku merga sebab liya. Magih jare Mustakim, paguyuban Rakomwangi iki hang dadi wadhahe para pengusaha cilik lan seniman hang kepingin bisa diakoni pemerintah.

Kegiyatan kang dianakaken Rakomwangi ditekani Camat Glagah H. Astorik  lan Kepala Puskesmas Paspan Achmad Yunus Seiawan. Kanggo ngeramekaken acara vaksinasi Covid-19  iki uga ditekakaken rong penari gandrung lan 1 penari jaranan buta teka Kemiren.

Miturut Camat Glagah H. Astorik kelawan anane penari gandrung iku dikarepaken bisa narik masarakat, kang targete 300 uwong. Nawi bisa lebih mergane ana gandrunge iku mau. 

Kadhung jare Kepala Puskesmas Paspan, Achmad Yunus Seiawan, kegiyatan kang dianakaken Rakomwangi iki ya wis apik seru, mula kudu ana tandang gawe bebarengan antarane pemerintah lan suwasta kayadene Rakomwangi lan masarakat. Kadhung carane gedigi iki Insya Allah bisa gancang gadug nyang target 70 persen ring ulan Oktober iki lan muga-muga bain hang aran virus Corona utawa Covid-19 bisa gancang ilang, gedigu jare pak Achmad.

Aju paran hang dikarepaken ring dina mbisuke ring Rakomwangi? Jare humas Rakomwangi, Joko Sutrisno, Rakomwangi magih duwe akeh angen-angen maning kanggo kegiyatan ring masarakat, kayadene lomba seni nyanyi karaoke. Nawi bain kadhung lomba nyanyi iki akeh kang bisa milu. Ping pindhone nawi bisa dianakaken maning sunatan massal lan kawin massal. Ya muga-muga bain iku kabeh bisa kelaksan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor