Video Kreatif Desa Tarung Rebut Like ring Youtube

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 14 Juli 2020 06:54 WIB)
- Laporan



Kabeh ana 68 video kreatif desa hang wis dikelumpukaken ana ring Panitia Lomba Video Kreatif Desa 2020 Banyuwangi. Video-video iku hang milu ana ring lomba hang wis diangkati  sakat  ulan Maret kepungkur. Teka 68 video iku sakteruse kesaring lan kepilih 15 video genepe.

Nurut Gerda salah sijine panitia ring lomba video kreatif iku, teka 15 arep disaring maning ana ring channel Youtube kanggo ngerebutaken juwara paporit pilihane masyarakat. Ring channel iki arep diitung akehe like hang melebu nyang video-video iku mau, Senin (13/7) videone arep diunggah. Video  hang ulih like paling akeh ulih predikat juwara paporit.

Kawitane ring penjurian hang wis dianakaken ring dina Selasa (7/7) lan Rabu (8/7) ring kantor DPMD Banyuwangi dipilih 10 video hang paling apik, naming nyatane panitia lan juri ndadekaken 15 video merga taun iki pesertane tambah akeh lan asile video tambah apik-apik. Iku kabeh mestine merga pembekalan hang wis dianakaken panitia lomba hang nekakaken narasumber nasional yaiku Arya Tedja Tjakrahadisurya, director of photography ulan Maret kepungkur. Ring pembekalan iku ana dhung satus lare nom-noman hang milu kanggo nggawe video kreatif hang apik lan pantes makili desa nyang lomba tingkat kabupaten.

Sakteruse Gerda hang uga manajere Radar Banyuwangi iki uga nerangaken nyang belambangan.com kadhung kuwalitase video tahun iki tambah munggah tambah apik. Lomba hang wis dianakaken sakat tahun 2016 iki wis kerasa ana asile, mergane ring taun iki pesertane teka 67 desa lan 68 video iki nduduhaken kadhung taun iki dadi lomba hang paling akeh pesertane.

Abdurrachman, salah sijine warga desa Lemahbangdewo hang uga ketua BPD desa Lemahbangdewo iki wis nyepakaken like kanggo video teka Lemahbangdewo. Kabeh masyarakat hang ana ring petang dusun desa Lemahbangdewo arep diajak ambyak-ambyakan nonton lan ndukung videone kelawan nguweni like makene bisa menang ulih juwara paporit.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf