Waroeng Kemarang Resto Non Bintang Terbaik ring EJTA 2021
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Desember 2021 07:14 WIB)
- Laporan
Sapa hang sing weruh ambi Waroeng Kemarang, Desa Tamansuruh, Kecamatan Glagah, Banyuwangi? Waroeng hang diedegaken telung taun setengah kepungkur ring Kang Wowok Meirianto iku ulih penghargaan teka Gubernur Jawa Timur minangka Pemenang Terbaik kategori Restoran Non Bintang, ring acara taunan East Java Tourism Award (EJTA) 2021. Iwuh iki dianakaken Pemerintah Propinsi Jawa Timur, sore dina Jumat tanggal 10 Desember 2021, ring Hotel Grand Mercure Malang.
Kawitane, ulan Oktober kepungkur kang Wowok ditekani ambi anggota pegawai Dinas Pariwisata Banyuwangi, nawani gelemtah dipilokaken EJTA 2021, mergane sarat-sarate milu EJTA iku ya rada akeh, yaiku perijinan, prosedur operasional, aturan kepegaweyan, organisasi, Job Description, lulus sertifikat CHSE, Sertifikat Laik Sehat, Peduli Lindungi, lan nduwe bukti kelengkapan dokumen kaya resep, menu, video profile, lan sak penunggalane.
Sak liyane iku, peserta EJTA ya kudu nduwe daya tarik hang ngangkat dhaerahe dhewek-dhewek, kreatip, lan uga nerapaken teknologi kanggo nunjang operasionale.
Serta wis mari nggesahaken sarat-sarate, kang Wowok hang pensiyunan perusahaan minyak global iku nyanggupi, mergane Waroeng Kemarang ya wis nduwe persaratane kabeh, kari nyusun bain.
Ulan Nopember 2021, tim juri teka Pemerintah Jawa Timur keliling nyang lokasi kabeh peserta, kelebu nyang Waroeng Kemarang, ring Desa Tamansuruh, Kecamatan Glagah Banyuwangi. Sak liyane dokumen persyaratan hang lengkap, Waroeng Kemarang hang ngendoni daya tarik Kesenian tradhisional Using, Umah Adat Using, Galeri Lukisan, lan Panggung Omprok Gandrung, dadi lan kekuwatan apike penilaiane Juri. Sak liyane iku maning, Waroeng Kemarang wis nerapaken aplikasi Teknologi Informasi Eresto yaiku tamu bisa pesen dhewek nganggo HP-ne dhewek-dhewek tanpa liwat pegawene lan bisa mbayar hing nganggo picis kertas, ngurangi adhep-adhepan lan semplokan tangane dhayoh ambi pegawene Waroeng Kemarang.
Sakwise nampa penghargaan EJTA 2021 arupa piyagam, piyala, lan picis Rp.6,000,000,- kang Wowok diparani lan ditakoni ambi kuli tinta: paran penemune bab Penghargaan hang buru ditampa, kang Wowok njawab: ".. kajon nyang Waroeng Kemarang, sebab bisa sejajar padha nampa penghargaan restoran terbaik bareng restoran hang wis 18 tahun ngadeg ring Malang: Restoran Taman Indi Malang, lan restoran kelas Nasional: Mang Engking Juanda Waru-Sidoarjo."
Kang Wowok uga ngucap kesuwun nyang Pemerintah Daerah Banyuwangi merga wis mbina Waroeng Kemarang, lan nyang Pemerintah Propinsi Jawa Timur hang nganakaken acara EJTA 2021 iki, tujuwane supaya kabeh usaha hang nyedhiyakaken lan nggerakaken wisata tambah njenggirat, semangat ngapikaken usahane, makene saya tambah ndhemenaken dhayoh hang ngelencer nyang Jawa Timur, hususe Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wowok Meirianto
Editor: Hani Z. Noor






