Wong Using Mbangun Umah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 30 Mei 2026 05:40 WIB)
- Laporan



Wong Using Mbangun Umah

Rituwal paran bain hang dilakoni wong Using ngawiti mbangun umah?
    Kadhung jare Kang Usik, sesepuh adat Using Dukuh Talunjeruk Desa Glagah, wong Using kadhung mbangun umah gedhong:
1. Dikawiti ndhudhuk lemah/bumi kanggo masang pondhasi. Dirituwali/selametan hang ubarampene/weragade yaiku:
A. Jenang abang
B. Sega golong
C. Sega wudug
    Iwake pitik diolah ragi lembarang. Iwake diendoh ring njerone tumpenge lan kokohe diwadhahi dhewek .
   Serta wis wayahe munggah kayu, ana selametane yaiku: jenang abang, sega golong, jajan pasar lan tumpeng pecel pitik.
   Kanggo umahe, ditambah uwite tebu cemeng diendoni pendhera abang putih, gedhang raja sak curung ambi uwite.
   Ana pisan para bungkil/pala pendhem wadhahe kudu kisa. Pilosopine, tebu (tetepa budaya/weluri cekelen mengarepe). Pala pendhem/para bungkil, nduduhaken asile megawe ulihe ring balad/bumi Belambangan (artine pendhera abang/umbul umbul werna abang).
   Gedhang raja: reragadane makene padhang lan raja/aja sampik ana paran-paran umahe kapan dipanggoni sampik sak anak turune.
    Semangsa wis rampung/mari mbangun umahe aju dipanggoni diselameti nganggo rituwal kanggo umah anyar (ngebangi).
Maceme ubarampene, yaiku:
1. Damar kambang
2. Kembang telon
3. Banyu arum
4. Jenang werna lima
5. Sega golong pitu
6. Jenang abang lima
7. Gedhang mas angger endhas rong lirang. Kadhung kang pindhah umah jumlahe jak papat ya kudu ana wolung lirang. Ring ndhuwure gedhange kudu ditumpangi kembang wangsa akehe petang puluh papat
8. Tumpeng serakat
9. Pengasepan ana genine kanggo ngobong menyan.
  Teka selametan umah sakat ndeleh pondhasi sampek umahe siyap dipanggoni, wong Using ngarepaken uripe selamet sak anak putune.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor