Agro Wisata Kawitan ring Kalimantan Tengah, Duwene Wong Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 08 Februari 2023 09:17 WIB)
- Laporan
Kayane ilmu tani wong Banyuwangi nular nong endi-endi. Nong Palangkaraya Kalimantan Tengah ana Kang Suroso hang nggawe wisata Agro Lingkar Luar Larosa. Wisata ring kelurahan Bukit Nunggal iki dadi hang kawitan ring Kalimantan Tengah.
Kang Suroso, kelairan Bayu taun 1978 iki pindhah lan melebu sekolah ring Kapuas aju nong Palangkaraya sakat taun 1996.
Bengene sedurunge nandur woh-wohan, Ketua Ikawangi Kalimantan Tengah iki nandur kelapa sawit.
"Taping nandur sawit hang teka mung wong tuku sawit. Serta hun tanduri woh-wohan, hang teka dulur, beraya, kanca lan wong hang kepingin silaturahim," jare Kang Suroso.
Kebun wisata petik buah Larosa iki werane wolung hektar lan parek teka kutha, mung wolung kilo teka Palangkaraya lan ana ring jalan lingkar luar.
Digarap sakat telung taun kepungkur, tapi panggon kelenceran iki buru dibukak setaun kepungkur.
Tanahe perlu diolah merga kene iki tanah gambut perlu perlakuan husus. "Taping kadhung wis ketemu metodhene, gampang, sapa bain bisa, malah kanggo wong-wong hang hing duwe latar buri ilmu tani. Kaya Isun latar burine konstruksi ya bisa," jare Kang Suroso.
Wisata petik buah iki nduweni mangsa hang apik mengarepe merga akehe wong hang dhemen mangan woh-wohan.
"Peminate akeh sampek hing kecekel." Jambu kristal hang ana 3000 wit kadhung tepak panen, sak ulan bain gemet. Iku hing sampek ngadol nong dhayoh hang teka. Iku mung dipangan dhayohe, jare kang Suroso. Kates hang ana 500 wit, hing tau bisa ngadol merga hang tuwek kesulungan dijuwuti pengunjung.
Saiki ana 67 jenis woh-wohan. Ana kates, lengkeng itoh, jambu kristal, jambu keluthuk abang, keluthuk getas, jambu citra, citra jumbo, rambutan binjai, rambutan garuda, buah naga, matoa, jeruk santang madu, jeruk mandarin, jeruk sunkist baby, sunkist ijo, jambu bol, anggur jupiter, anggur brazil hang uwohe temepel nong uwite. Ana jeruk jambu thailand, jambu deli, nangka madu, nangka merah, nangkadak, jeruk dekopon, lemon kalifornia, duren musang king, bawor, duri hitam, duren abang asal Banyuwangi, belimbing, lengkeng diamond, lengkeng matalada.
Rencana koleksine tambah salak pondoh, Kenitu hang hing ana ring Kalimantan, jeruk Bali.
Saiki Larosa hing perei mbayar karcis melebu lan parkire. Dhayohe mung mbayar woh hang dipangan lan kesedhiya ring warung ning kono.
Ana pisan warung-warung liyane hang sedhiya panganan lan ombenan.
"Ana warung hang sedhiya minuman banyu tebu hang seger buru dikethok ring kebonan."
Hing mung wisata pethik uwoh, Larosa ya nyedhiyani bibit wit-witan lan pasilitas kanggo acara keluarga, panggung sak perlengkapane teka ridging, tendha, lampu, sepeker, genset, cedhing. Ana pisan kolam pancing.
"Mayo lalare enom, panggonane rijig hing ana endhut, bisa kanggo wahana ngenalaken wit-witan nong lare-lare," jare kang Suroso.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







