Aji Saka Meguru Nang Nabi Muhammad

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 30 Mei 2022 09:38 WIB)
- Laporan



Wong hang nemokaken tulisan carakan (hanacaraka) hang aran Aji Saka iku bengene meguru nang Nabi Muhammad. Temenantah? Bener usinge aja ditakokaken, naming iku hang ketulis ring salah siji lontar duwene wong Kemiren Banyuwangi, gedigu jare mbok Wiwin Indiarti, dosen ring Universitas PGRI Banyuwangi.
   Mbok Wiwin iki ulih dana teka British Library ring program Endangered Archives Programme (EAP 1334) hang tujuwane kanggo nggawe persi digital naskah-naskah kuna hang kondhisine wis nderawasi.
    Proyek iki hing mung kanggo manuskrip-manuskrip hang ana ring Banyuwangi taping uga hang ana ring sak ubengane kayata Jember, Bondowoso, Situbondo, lan Lumajang. Manuskrip iki ketulis nganggo aksara Arab, Arab Pegon (nyeliwah), Carakan lan tulisan Jawa. Merga durung ana data hang jangkep ring lontar-lontar iku dadi digitalisasi iki penting kanggone riset-riset mengarepe. Datane iku bisa bab  pesantren, agama, sejarah, budaya, metafisika lan liyane. Merga kahanane lontar-lontar iku wis nderawasi, amrih apike lontar mau iku dipotrek lan didadekaken digital ring panggonan nyimpene (hing kathik digawa adoh-adoh nong panggonan liya paran maning manca negara). Paling using dipotrek ring wong-wong hang dadi rewange proyek iki kayata mbok Wiwin. Mbok Wiwin dhewek wis nyalin dadi persi digital pirangane lontar kayata Sri Tanjung, Hadis Dagang, lontar Yusup, lan pirangane naskah liya hang wis kekumpul ring Katalog Naskah Kuno Banyuwangi.
   Naskah lontar Aji Saka iku sayange ana halaman hang wis ilang, kelebu halaman pungkasan hang biyasahe isine kolofon hang ngewani keterangan aran penyalin naskahe sapa. Naskah hang ditulis nganggo Arab Pegon iku nduwe 14 pupuh (Artati telu, Kasmaran loro, Sinom papat, Durma loro,  Pangkur loro lan Kinanti siji). Setemene wong Kemiren hang duwe lontar Aji Saka iki nduwe pirangane naskah lontar liyane naming hang ulih digawe digital buru mung siji.
   Kelendi ceritane Aji Saka meguru nang Nabi Muhammad? Jare lontare gedigi: Ana wong hang aran Begawan Kures, dadi muride Naga Antaboga, lan iyane nduwe anak hang aran Bambang Durjana. Kaya arane, Bambang iki nduweni sipat mursal. Malah saking methikale arep mateni gurune bapake yaiku Naga Antaboga. Naming merga saktine Naga, iyane dhewek hang malah matek. Sak peninggale Bambang Durjana, rabine Begawan ngelairaken maning bayi lanang hang dirawati Naga Antaboga kelawan cara diuntal lan diajari ilmu kasampurnan lan kanuragan ring njero wetenge Naga.  Marek marisi kabeh ilmune, lare iku diutahaken teka wetenge lan diarani Raden Aji.
   Masiya sakti seru, ilmune magih adoh ambi ilmune Nabi Muhammad. Aju iyane menyang nang Mekah kanggo meguru nang Kanjeng Nabi Muhammad.
    Kelawan kesaktiane, Aji bisa sengidan nong njerone saka tepak arep nemoni Nabi Muhammad. Cumpu Kanjeng Nabi weruh. Merga kelakuwane iku Aji getun seru. Aju iyane ambi Kanjeng Nabi Muhammad diarani Aji Saka merga bisa sengidan nong njerone saka.
   Aji saka patheng sinau nang Kanjeng Nabi. Merga pathenge iku iyane bisa nggawe aksara Jawa (ha na ca ra ka sampek nga). Sak uwise ngerasa cukup, Aji Saka balik maning nang Tanah Jawa.
   Cerita iki nduduhaken salah siji cerita Aji Saka hang dipengaruhi Islam, jare mbok Wiwin.
   Banyuwangi wis sakat bengen kesuwur dadi panggonan hang nyimpen naskah-naskah hang nduweni corak cerita hang beda ambi lontar-lontar hang ana ring Jawa, jare wong Landa Zoetmulder hang nulis buku Kalangwan. Hing kaya anjrahe lontar ring Jawa hang cerita bab keraton lan sak ubengane, lontar ring Banyuwangi biyasahe nyeritakaken wong-wong njaba keraton (rakyat biyasah).


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor