Ambyak-ambyakan Penonton Festival Sulur Kembang 3
YUDHI ANJAR PRAKOSO (dipublikasikan pada Senin, 20 Maret 2023 07:31 WIB)
- Laporan
Kanggo apresiasi karya-karya hebat maestro tari tradhisional Banyuwangi, Sumitro Hadi, Banyuwangi nggelar Festival Sulur Kembang 3 hang dilaksanakaken ring Gesibu Blambangan Banyuwangi. (18/03). Festival Sulur Kembang 3 iku seni pertunjukan tari hang nampilaken karya-karyane Sumitro Hadi bengen.
Sulur Kembang diartekaken kembang hang nyelolor ring endi-endi. Yaiku gambaran teka Sumitro Hadi hang nyaluraken ilmune nyang murid-muride.
Asisten Perekonomian lan Pembangunan Sekretariat Daerah Kabupaten Banyuwangi Drs. Dwi Yanto ngucapaken semangat lan selamat kanggo para seniman tari.
"Terima Kula lan Alhamdulillah, PPKM wis ditarik. Kebukti lakune ekonomi masarakat ring sektor seni lan budaya bisa berkembang," ucape Dwi Yanto.
Ring tahun hang kaping telu iki, Festival Sulur Kembang ngangkat tema "Satukan Niat Bulatkan Tekad".
Ketua Sanggar Lang Lang Buana hang uga penggagase Festival Sulur Kembang, Sabar Harianto nyatakaken rasa sukur merga iwuh iki salah sijine bukti ngelestarikaken karyane maestro ruwahe Sumitro Hadi.
"Kegiyatan iki rutin saben taun kanggo ngelestarekaken karyane ruwahe (Sumitro Hadi) lan sekaligus sukuran kanggo laire sanggar Lang Lang Buana kaping 33 tahun," jare Sabar.
Penonton hang teka ring Festival Sulur Kembang 3 iki antusias. Uga bisa dideleng teka bangku hang ana ring tribun Gesibu Blambangan Banyuwangi hang katon ebek.
Ring Festival Sulur Kembang 3, sanggar Lang Lang Buana nggawakaken karya tarine Sabar Harianyo yaiku: Tari Kampret, Tari Celeng, Tari Banyu Biru, Tari Singomanjuruh, Tari Minak Jinggo, Tari Sriganyong.
Bredley turis teko Australia wani tampil lan nggawakaken tokoh pewayangan Bima.
"Bengen Isun tau belajar ring Sabar Harianto tepak ring Australia. Saiki Isun nyokong acarane Sulur Kembang 3 lan sekaligus wani tampil ring ngarepane ewonan penonton ring Gesibu Blambangan Banyuwangi," jare Bredley.
Ring bungase acara, Bredley ngaku kepingin ngajak sanggar Lang Lang Buana nyang Australia.
"Kadhung Isun diweni kesempatan engko, Isun nduwe niyatan kepingin ngejak seniman sanggar Lang Lang Buana ring Australia," imbuh Bredley.
Acara pungkasan Festival Sulur Kembang iku nampilaken kolaborasi hang disusun campur ambi sanggar Lang Lang Buana.
Ring pagelaran iki uga dimeriyahaken ambi penari gandrung hang wis "emak-emak" teka Komunitas Kain lan Kebaya Indonesia Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Y.P. ANJAR
Editor: Antariksawan Jusuf






