Amening ring Taun Kulawu/Beledus

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 24 Januari 2024 06:53 WIB)
- Laporan



Tepak ulan Desember kepungkur calon presiden Anies Baswedan teka ring Banyuwangi, salah siji panggonan hang disambangi yaiku dukuh Talunjeruk, Glagah. Tokoh masarakat adat ring kono hang diweruhi kelawan aran Kang Usik, sampek milu mondhong calon presiden nomer urut siji iku. Kang Usik, wong hang ngaku getihe PDI, wis kepincut pindhah pilihan tah?
   Cumpu jare Kang Usik, sikape iku nduduhaken carane wong Using ngurmati dhayohe. "Soal pilihan bisa beda hing paran-paran."
   Bab ruwede politik ring coblosan taun 2024 Kang Usik nyageraken pemahamane ring lontar warisane Buyut Saridin. Saridin iku dudu aran, naming gelar. Sari iku pilihan lan Din iku agama. Buyut Saridin iki ninggalaken warisan Primbon Tatal hang kadhung diwaca bisa ngewani pitudhuh.
   Judhule Tatal Blambangan, mung sak lembar naming kadhung dijelentrehaken bisa dadi pirang-pirang halaman. "Pesan morale: Tetek tetekTiten, Titene agung agung. Silara sintik titik titik kembang paran?"
  Tepak ngaji rasa, isarahe tanggal siji mbarengi Malem utawane dina Senen Pahing. Senen naptune iku Papat, Pahing iku naptune sanga dadi jumlahe ana telulas . Lan taun windune Sancaya, lambange magih Lambang Kulawu utawa Beledus kadhung nurut isine, maksude Windu iku wolu, Sancaya= cahya= sorot= bersinar/bercahaya sak suwine wolung taun.   

   Nurut itungane, sakat taun 2021 minangka pungkase NKRI Bercahaya.  Maksude Kulawu/Beledus, masiya NKRI magih ana sunare/cahayane naming magih dikemuli Kelawu (Beledus) sampek taun 2035.
   Dadi itungane Kang Usik, Indonesia magih ngadhepi taun-taun hang akeh pedhute lan kudune ati-ati. "Cekelen hang seken lan kuwat Payung Kalimah Bhinneka Tunggal Eka Tan Hana Dharma Mangruwa" kanggo ngadhepi perang urat sarap ring taun politik 2024 iki," jare Kang Usik hang magih nyiyapaken 67 bab teka asile maca primbon tatal iku mau.



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor