Ana Pasal 'Reshuffle' lan 'Impeachment' ring Ikawangi Pusat

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 26 Desember 2022 08:04 WIB)
- Laporan



Tepak ngumumaken susunan pengurus hang anyar, Ketua Umum Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Mayjen. (Purn) Rusdi Ma'sum ngusulaken anane pasal "reshuffle' lan 'impeachment'.
   "Kaya kabinet, ana pasal reshuffle. Hang hing tau teka bisa keneng pasal. Aja lali pasal impeachment. Ketua bisa dilereni sakwayah-wayah kadhung hing bisa megawe."
   Reshuffle iku maksude anggota pengurus hang dianggep hing cocok nong panggone dilereni utawa dioper nang bidhang liyane. Dene impeachment maksude dilereni ring wayah sedurunge periodhene entek.
   Rong penemu iki durung tau ana ceritane ring organisasi hang wis ngadeg sakat arupa aran Pewangi Jaya tanggal 16 September 1972 sampek silur dadi Ikawangi seperene.
   Pak Rusdi ngomong ring acara Lepas Sambut Ketua Ikawangi hang digagas Ketua Korwil Jakarta Timur Pak Sugiman lan ditekani kabeh korwil yaiku Korwil Jakarta Pusat, Utara, Selatan, Timur, Bekasi, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Kapursuci lan Pokmas yaiku Prajurit Blambangan, Magenta lan Gowes Ikawangi, dianakaken ring Sekretariat ring Ciracas Jakarta Timur, dina Sabtu (24/12) sore.
   Sakliyane utusan para Korwil lan Pokmas, iwuh iku disekseni pendhiri lan penggagas Ikawangi bengen yaiku Pak Sutarjianto, Pak Hafandi Noer lan Pak Hamid. Wong telu iki, telu-telune minangka alumni SMA Banyuwangi angkatan pertama, hang mbabat alas kanggo ngedegaken Ikawangi tahun 1972. Pak Tarji lan Pak Hafandi wis tuwuk dadi ketua lan sekretaris. Dene Pak Hamid hang tukang melibeng nemoni wong-wong Banyuwangi. Uga ana ketua umum dhongkol Kang Bambang Sugiyono lan wakile Kang Sugihadi.
    "Pesenisun, pengurus hang kepilih, pertama aja bingkak durung ana paran-parane... Aja susah. Ana hang kepilih dadi pengurus hing pati gelem. Kepilih tapi magih susah polae hing setuju ambi karepe. Ring organisasi iki padha bain hang dhuwur lan hang ngisor megawene bareng-bareng,".
   Pak Rusdi njaluk AD/ART diepasaken ambi kahanan saiki lan sedurunge disahaken kabeh Korwil/Pokmas kudu maca sulung.
    "Kabeh milu tanggung jawab aja sampek ana hang ngomong Pusat melaku sakenake dhewek, aju tukaran sewang-sewangan. Wislah hang penting guyub. Isun kepingin guyub teka ndhuwur sampek ngingsor."
   Kang Bambang Sugiyono, ketua umum dhongkol sakat 2007 sampek 2022, ngomong gok kekuwatane Ikawangi kaya hang diduduhaken ring iwuh dina iku.
   "Delengen, kabeh milu nggendhong indhit kaya dina iki. Hing ana panitiya taping acarane melaku... tetep kompak," jare Kang Bambang hang saiki dadi Penasihat bareng wakile yaiku Kang Sugihadi.
   Hing kelalen Kang Bambang ngucap terima nang tuan rumah yaiku Kang Yani-anake ruwahe Pak Abdul Kahfie, sesepuh Ikawangi hang bengen tau dadi wakil gubernur DKI Jakarta - hang nyilihi umahe dadi sekretariat.
   "Sapa weruh mara-mara Mas Yani nguwakaken umahe."

Susunan Pengurus Ikawangi Pusat
Periode Tahun 2022-2025

Pelindung: Bupati Banyuwangi

Pembina:
Dr. Ir. Arief Yahya M. Sc
H. Sutardjianto
H. Hafandi Noer
Dr. Dipl-Biol Budi Mranata

Penasihat:
Dr. H. Bambang Sugiyono SE, M.Si
Drs. H. Sugihadi MM

Pengurus:
Ketua Umum: Mayjen. Marinir (Purn) H. Rusdi Ma'sum
Wakil Ketua I: AKBP (Purn) Titik Setyowati SH
Wakil Ketua II: Ir. Sudibyo Wahyu Widodo
Sekretaris I: Antariksawan Jusuf
Sekretaris II: Suryanto
Bendahara I: Heny Prihatiningsih
Bendahara II: Dhanar Qomari

Seksi-seksi Bidang
1. Bidang Pengembangan Usaha dan Ekonomi
Ketua: Agus Hendro
Anggota: Indrawati Surapi, Veronica, Moch. Dimyati

2. Bidang Hukum dan Keamanan
Ketua: Hadi Supriyono SH, MH
Anggota: Kosim, Dayat, Ficky

3. Bidang Sosial, Seni dan Budaya
Ketua: Hj. Titin Iriani
Anggota: Yuliana Lestari, M. Jamil Rendra, Ginong Pratidina

4. Bidang kepemudaan dan Olahraga
Ketua: Hermanto Hidros
Anggota: Krisna Wahyu Baskara, Agus Ibrahim, Sulehati

5. Bidang Organisasi dan Kemasyarakatan
Ketua: Sofi Muntahar SE
Anggota: Elka Wijaya, Vivia Ayomsari, Ardhy

6. Bidang Umum
Ketua: Kurniati
Anggota: Anita Christina, Muh. Thohir, Kabul

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor