Aran Banyuwangi Kesemplok ring Putri Indonesia

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 23 Mei 2022 10:40 WIB)
- Laporan



Aran Banyuwangi kesemplok ring iwuh Puteri Indonesia 2022 merga ana Sheilla Intan Permatasari, anake ketua Ikawangi Dewata cabang Klungkung kang Rianto taping makili propinsi Nusa Tenggara Barat.
   Ring salah siji roncean acara Putri Indonesia sore tanggal 21 Mei iku Sheila
ulih penghargaan nomer 2 ring acara Best Evening Gown (Gaun Malam Terbaik).
   Kang Rianto dhewek pawongan teka
desa Rejoagung kecamatan Srono Banyuwangi. Anake, Sheila, kuliyah ring Universitas Al Azzar Nusa Tenggara Barat fakultas Kedokteran. Kanggo makili propinsi NTB, Sheila ngalahaken 14 lare ring final Putri Indonesia NTB.
   Jare kang Rianto anake rada kedhuhung merga hing ana dhukungan teka penonton hang nyebut arane. Dadi engko tanggal 27 Mei njaluk sokongan supporter teka Ikawangi sak Jabodetabek.
    Gelaran Putri Indonesia 2022 iki minangka edhisi kang nomer 25. Babak pinale arep dianakaken tanggal 27 Mei 2022 ring Jakarta Convention Center.
   Nuju ring pinal iku tanggal 21 Mei 2022, sore dianakaken "Malam Bakat & Fashion Show Indonesia Berbasis Budaya" ring Mall Gandaria City, Jakarta. Kabeh 44 lare hang melebu pinal nganggo kelambi karyane desainer lokal saben-saben propinsi. Sheila bisa ulih juwara 2 ring Gaun Malam Terbaik. Ana pisan penghargaan liyane yaiku Puteri Berbakat, lan Kostum Tradisional Terbaik, hang saben-saben penghargaan iku ana penghargaan husus hang ditamtokaken kelawan biji teka penonton. 
    Iwuh iki kudune diangkati tanggal 18 Maret taping diundur merga magih ana pageblug. Temane taun iki yaiku Borobudur. Iwuh Putri Indonesia iki dipiloni 44 lare, paling akeh seperene. Edhisi iki ya hang kawitan ana pirangane propinsi hang ulih wakil lebih teka siji. Biyasahe mung DKI Jakarta hang ulih jatah gedigu. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor