Arief Yahya Diusulaken dadi Ketua Forum Ikawangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 15 Mei 2023 13:09 WIB)
- Laporan



Menteri Pariwisata dhongkol Pak Arief Yahya dijaluk dadi ketua Forum Komunikasi dan Silaturahmi Ikawangi (FKSI) hang kapanane digagas ring Munas kawitan Ikawangi ring pendhapa Banyuwangi marek lebaran.
"Khusus yang disebutkan pak ketua tadi, saya usul, ketuanya pak Doktor Arief Yahya saja. Saya wakil. Sekretarisnya Pak Marhen," gedigu jare Pak Anas.
    Sabene tepak Musyawarah Nasional Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang kawitan, wis  milih ketuane yaiku  Pak Abdullah Azwar Anas lan wakile Pak Arif Yahya. Dene sekretarise dipilih hang teka Banyuwangi bain merga sekretariate arep digawe ring Banyuwangi.
   Iwuh HBH ring GOR Pajajaran Bogor iku ditekani MenPanRB Pak Abdullah Azwar Anas hang uga makili rabine Bupati Ipuk Fiestiandani, Menteri Pariwisata dhongkol Arif Yahya, Ketua DPRD Bogor hang uga wong asal Gendoh Pak Atang Trisnanto, walikota Bogor hang diwakili Kepala Kesbangpol Bogor Dadang Sugiarta, Direktur Pariwisata Dalam Negeri Kemenpar Kang Marhaen,  para sesepuh Ikawangi Pusat Pak Sutarjianto, Pak Noor Hafandi, Pak Sugihadi, Pak K. Mulyono, Ketua Ikawangi Jakarta Timur Pak Sugiman, Penasihat Ikawangi Papua Pak Sarminanto lan atusan anggota Ikawangi sak Jabodetabek, Cilegon lan Kapursuci.
   Pak Anas nawani Ikawangi nganggo umah dinas menterine ring Kompleks Widya Candra kanggo acara-acara ketemuan Ikawangi Pusat.
   Munas kapanane iku dipiloni kira-kira ana 30 ketua/perwakilan Ikawangi sak donya hang milu ring sidhang iku. Munase iku digelar sak mareke acara Diaspora hang saben taun dianakaken ambi Bupati kanggo wong-wong Banyuwangi hang ana ring tanah boroan ring Pendhapa Shaba Swagata Blambangan.
    FKSI iku hing arepe nguwahi AD/ART Ikawangi hang ana ring saben-saben wilayah. Hang ana ya melaku kaya hang wis ana seperene. Ikawangi minangka organisasine wong diaspora Banyuwangi wis nyebar nong endi-endi. Kecathet hang kawitan ngadeg yaiku ring Jakarta hang arane Pewangi Jaya (Perkumpulan Warga Banyuwangi Jakarta Raya) hang ngadeg taun 1972. Aju saya suwi saya akeh wong Banyuwangi hang megawe ring njaba lan padha ngedegaken Ikawangi sak Nusantara. Teka Sumatera sampek Papua. Malah ring mburi-buri iki ana kumpulan Ikawangi ring negara manca kayata Amerika, Hongkong, Jepang, Malaysia, Taiwan lan liya-liyane hang ring acara sore iku ana hang milu teka.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf