Asal-Usul Desa Pelinggihan lan Goa Sodong, Giri

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 September 2022 06:01 WIB)
- Laporan



Saben-saben aran panggonan ana hang nyimpen sejarah ana uga hang asal sebut pungkasane dadi arane panggonan. Taun 1988 sampek 1992 bengen isun tau mulang ring SMP Sunan Giri 1 hang panggonane ring Pelinggihan Desa Grogol kecamatan Giri. Adohe teka umah Kampung Kerantigan Kelurahan Pengantigan Banyuwangi nang Pelinggihan bisa nggadug enem kiloan. Saben mari subuhan melaku sikil. Gadug Pelinggihan kira-kira serngenge wis mencorong.

Isun curiga, aran Pelinggihan iku basane pelungguhan. Kadhung gedigu mesthi ana wujud panggonane. Embuh iku arupa watu utawa bangunan paran gedigu lan ana pitakonan sapa bengen hang nggawe uga hang kawitan ngelungguhi.       

Sabene isun nyempataken jiarah ning makam hang ana ring Kampung Pelinggihan. Makam kuna iku kesebut makame Sayyid Ali Muhammad Almaghrobi lan ring iringane ana makame KH. Hasan. Sapa KH.Hasan lan sapa uga Sayyid Ali Muhammad Almaghrobi iku?

"Mbah Kyai Hasan niku asale teka Mataram Jogya. Embuh jaman rajane sapa, hang jelas ceritane Mbah Buyut Hasan iku sing omes ana ring jero keraton lan milih metu teka keraton. Isun sing duwe data, Mbah Buyut Hasan iku gadug ring panggonan iki nunggang paran? Bisa bain melaku ndharat  sampek gadug kene. Ring kene sampek anak gumanak aju munggah haji. Kerana ring lingkungan keluwargane bab masalah ilmu agamane magih kurang, Mbah Buyut kepingin ana uwong hang gelem ngajari agama lan maca Quran. Lah.... nalika munggah haji iku kenalan ambi uwong Baghdad. Arane Ali Muhammad," cerita salah siji buyute KH. Hasan, Alimin. Alimin iku kelebu buyut hang nasabe tuwek. Sak liyane nguri-uri acara pengajian lan dikiran ring makam Sayyid Ali Muhammad Almaghrobi lan makam KH. Hasan, iyane lan dulur-dulure nggarap Goa Sodong kanggo jujugan wisata.

Nalika isun sanja ring panggonan iku, isun diduduhi watu panggonane pesujudane Sayyid Ali Muhammad Almaghrobi, pecak-pecakane langgar panggon mulang ngaji, diduduhi Goa Sodong panggonane wirid lan diduduhi watu gedhi ring tengah kolam hang banyune kening langsung metu teka sumberan.
"Watu gedhi iku panggonane Mbah Buyut Hasan lungguh munajat. Uwong-uwong kampung nyebut watu iku panggon Pelinggihane Mbah Hasan. Sampek saiki iki hang disebut pelinggihan sing mung watu gedhi iku thok, tapi ngelantar sampek sakubenge. Lan sakubenge watu gedhi iku dadi kampung arane Pelinggihan," jare Alimin maning.
   Aju paran gawene Sayyid Ali Muhammad Almaghrobi ring Pelinggihan iku? Tugase yaiku ngajari ngaji anak putune Mbah Buyut Hasan. Ahire masyarakat sakubenge Pelinggihan uga milu ngangsu ilmu agama pisan ning Sayyid Ali iku.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor