Atusan Pemancat Sepidhah Milu Bluefire Ijen KOM Challenge

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 25 September 2022 06:06 WIB)
- Laporan



Salah siji iwuh hang dianakaken Pemda Banyuwangi yaiku galapan sepidhah Banyuwangi Bluefire Ijen KOM Challenge 2022 dipiloni 350 wong teka 73 kutha lan 21 propinsi.
  Pemancat sepidhah teka Sumatera sampek Papua iku mancat sakdawane dalan hang dawane 105,8 kilo lan garis pungkase ana ring Gantasan, ereng-ereng Gunung Ijen.
   Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestandani hang ngeculaken pemancat teka pendhapa Sabha Swagata Blambangan ngomong gok rutene bisa nutupi rasa kepingine para pemancat nyacak dalan munggah ring perenge Ijen.
   Ipuk ngomong sakat kawitan Banyuwangi mbangun branding pariwisatane nganggo Ijen minangka tetengere (ikon). Branding iku aju dibangun salah sijine liwat iwuh sepidhahan yaiku  International Tour de Banyuwangi Ijen (ITdBI).
Banyuwangi nggawe promosine minangka panggonan hang cocog kanggo pemancat sepidhah. Akeh rute jujugan kanggo sepidhahan, salah sijine dalan munggah ring perenge Ijen.
   Paguyuban Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat kanggo mengeti 50 taune ulan Maret kepungkur ya nggelar sepidhahan hang dipiloni 695 pemancat teka Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Bogor, Karawang-Purwakarta-Subang-Cikampek, Malang, Pasuruan, Jember, Yogyakarta,  Kalimantan Utara lan Banyuwangi dhewek. Iwuh kawitan Ikawangi Pusat ring Tanah Kelairan iku dikawiti teka bandara Blimbingsari sampek mandheg ring Pendhapa.
   Dene Ketua ISSI Banyuwangi Guntur Priambodo ngomong iwuh Banyuwangi Bluefire Ijen KOM Challenge wis dianten-anteni sakat bengen. Diarepaken, iwuh iki bisa nulari rejeki kanggo wong Banyuwangi.
   Hotel, restoran lan UMKM hang jaja oleh-oleh mesthi ngerasakaken anane, jare Guntur.
   Iwuh hang asil megawe bareng antarane Pemkab Banyuwangi lan Mainsepeda.com wis disiyapaken pirangane taun. Taping kesandhet ambi pageblug.
   Saiki Banyuwangi wis tambah siyap dadi jujugan wong hang duwe hobi teka sak ubengane Indonesia. Pemancat sepidhah wajib mancat ring Banyuwangi, jare Azrul Ananda teka Mainsepeda.com.
   Teka panggonan mangkat ring pendhapa para pemancat ring Banyuwangi Blue Fire Ijen KOM Challenge 2022 ngeliwati dalan hang adohe 52 km liwat Kecamatan Rogojampi, Genteng lan Gambiran nuju alas De Djawatan hang dadi pitstop.
   Marek ngaso, aju pemancat ngaloraken maning nyang kantor Bupati. Aju mangkat teka Patung Barong munggah liwat Kalibendo aju nggadug ring papan pungkasan ring Gantasan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Disbudpar

Editor: Hani Z. Noor