Balai Bahasa Arep Njejegaken Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 10 Maret 2023 07:10 WIB)
- Laporan
Basa Using Banyuwangi kepilih dadi salah siji basa dhaerah ring Jawa Timur hang arep dikuwataken lan dijejegaken sakliyane basa Medura ring Pulo Medura.
Rombongan teka Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) minangka tangane negara sakngisore Badan Bahasa ring Pusat, merdhayoh nyang Wakil Bupati Sugirah sakperlu njaluk sokongan nyang pemerintah kabupaten (Pemkab) kanggo suksese program Revitalisasi (nguwataken maning) hang arepe ditandangi ring taun iki.
Programe BBJT taun iki ana telu. Hang sepisan Literasi (kelebu Uji Kemahiran Berbahasa Indonesia), kepindho Revitalisasi Basa Dhaerah lan hang ketelu Internasionalisasi Basa Indonesia, gedigu abane Kepala Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) Dr. Umi Kulsum, S.S, M. Hum.
Husus program Revitalisasi Bahasa Daerah iki ana rong basa ring Jawa Timur hang disasar yaiku basa Medura ring petang kabupaten (Bangkalan, Sampang, Pamekasan lan Sumenep) lan sijine maning Banyuwangi yaiku basa Using.
Rencanane sakmareke ngewarahi Pemkab lan njaluk sokongan, sakteruse tanggal 27-29 Maret arep ana Diskusi Kelompok Terpumpun (DKT utawa basa Inggrise FGD). Ring DKT iku ana pitung maestro hang nyiyapaken bahan kanggo pitung materi bahan ajar. Bahan ajar hang disiyapaken para maestro, yaiku Kelendi nggawe: 1. Cerita Cendhek 2. Maca lan nganggit gurit/puisi 3. Ngewer (standup comedy) 4. Pidhato 5. Nembang (Macaan Lontar) 6. Maca Nulis Aksara 7. Ndongeng. Pitung bab iku minangka materi utawa produk hang ana hubungane ambi basa Using, hang instruksi utawa Petunjuk Teknise wis ditamtokaken ambi Badan Bahasa Pusat ring kementrian.
DKT-ne arep dipiloni sakliyane pitung maestro uga wong Pemkab, Dinas, MGMP (Musyawarah Guru Mata Pelajaran), MKKS (Musyawarah Kerja Kepala Sekolah), KKG (Kelompok Kerja Guru), komunitas, lan wong-wong teka Badan Bahasa Pusat.
Sakuwise iku diterusaken marek lebaran, ring ulan Mei yaiku ana pelatihan teka para maestro mau kanggo 60 guru master, 30 guru SD lan 30 guru SMP.
Seliyane Bu Umi, rombongan BBJT ana Dr. Okta Vidiyanti, S.Pd, M.Pd (Analis Kata dan Istilah), Yulitin Sungkowati SS, M.Hum (Widyabasa Madya), Balok Safarudin SS, M.Si (Penyuluh Bahasa), Naila Nilofar SS, MA (Widyabasa Muda). Dene teka Pemkab, sakliyane Wakil Bupati Sugirah, ana Kadin Pendidikan Pak Suratno S.Pd, MM lan kabid SMP Pak Alfian M.Pd, uga ana Pak H. Holid Askandar Sekdin Perpustakaan.
Sakmareke pelatihan ulan Mei, 60 guru master iku mau dikongkon ngubar ilmune nang guru liyane uga nyang murid-muride.
Engko lalare hang wis diajari iki bakale dipilokaken ring Festival Tunas Bahasa Ibu kanggo lalare nulis Cerita Cendhek, gurit (puisi), nembang, lan maca aksara dhaerah. Pemenange arep digawa bareng ambi pemenang teka Medura ring Surabaya.
"Intine kelendi basa Using iki tetep diwelasi ring generasi nom-noman," abane Bu Umi.
Jare Wabup Pak Sugirah, basa Using iki produk aseli Banyuwangi. "Siji-sijine basa Using ring donya iki mung hang ana ring Banyuwangi. Aja sampek duwene kene diaku wong liya."
Kadhung ana basa Jawa iku mesthi digawa wong teka Jawa Tengah. Ana basa Medura digawa wong teka Pulo Medura. "Hang aseli Banyuwangi iku ya basa Using," jare Pak Sugirah hang ngaku bisa ngerti basa Using taping sara arep ngetokaken ring omongan merga iyane teka Banyuwangi kidulan hang masarakate akeh nganggo basa Jawa.
"Isun wis merentah nyang pak Kadis, kadhung bab basa Using iki kudu disokong."
Umpamane, jare Pak Sugirah, Ibu Bupati Ipuk kepingin lontar Yusup ditransliterasi nganggo basa hang bisa dingerteni lalare.
Seliyane Medura lan Using, Badan Bahasa nguwataken maning basa liyane: Basa Hatam ring Papua Barat, basa Saluan Sulawesi Tengah, basa Seram lan basa Tarangan ring Maluku, telung basa ring Kalimantan, basa Bulungan basa Kayuagung ring Sumatera Selatan, basa Dawan, Manggarai, Kambera, Rote, Abui, Adang, Kabola.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







