Banyuwangi Ngesumaken Mal Pelayanan Digital

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 11 Oktober 2022 08:16 WIB)
- Laporan



Mesthi hang kawitan. Banyuwangi marek kelebu kabupaten hang kawitan merujukaken Mal Pelayanan Publik, saiki hang kawitan ngesumaken Mal Pelayanan Publik (MPP) Digital. Paran artine? Warga bisa ngurus 43 dokumen kependudukan teka hapene dhewek-dhewek aju langsung nyetak.
   Acara soft launch MPP Digital dilaksanakaken ring Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani bareng ambi Sekretaris Komite Pengarah Reformasi Birokrasi Nasional (KPRBN) Prof. Dr. Eko Prasojo. Kabeh iku dilakoni minangka bagiyan Festival Pelayanan Publik hang digelar ring latare MPP Banyuwangi wetane Taman Sritanjung.
    Iwuh iku ditekani pisan ambi Bakorwil V Jember Imam Hidayat, Staf Ahli Bidang Politik dan Hukum KemenPAN-RB Muhammad Imanuddin, lan Asisten Deputi Perumusan Sistem dan Strategi Kebijakan Publik KemenPAN-RB, Muh Yusuf Kurniawan.
"Selamat kanggo Banyuwangi hang ajeg nggawe inovasi, lan saiki ngesumaken Mal Pelayanan Publik Digital. Kene kudu ngeregani. Pelayanan digital iki minangka kembangan pelayanan publik kanggo masarakat, ana hang sipate pidik, ana hang digital lan ana hang hibridasi," Prof Eko.
   Guru Besar Universitas Indonesia iku ngomong hang wis dilakoni Banyuwangi kudu diregani merga ring dina mbisuke tepak infrastruktur digital saya jangkep ring Indonesia, pelayanan publik hang nggawe digital wis dadi pesthine.
"Ring wektu limang tahun engkas bisa-bisa ana proses uwah digitalisasi hang gedhi. Arep ana milienialisasi gedhi-gedhian ring Indonesia, sampek-sampek kebutuhan kanggo pelayanan publik digital sipate wajib," jare Eko.
   Padha ambi jare Staf Ahli Bidang Politik dan Hukum KemenPAN-RB Muhammad Imanuddin. Iyane ngomong gok pemerintah pusat saiki konsentrasi kanggo nggawe digitalisasi layanan. 
"Sakmareke nggawe MPP kawitan, Banyuwangi nggawe terobosan maning yaiku MPP Digital hang uga sulungan ring Indonesia. Selamat kanggo Banyuwangi," ujare Imanuddin.
   MPP Digital ring Banyuwangi ndadekaken siji layanan publik digital kelawan aplikasi "Smart Kampung Banyuwangi". Ring aplikasi iku ana layanan "Mal Pelayanan Publik Digital".
   Minangka jangkah anyaran, ring layanan iki masarakat bisa ngurus kebutuhan administrasi kependudukan (adminduk) kelawan cara njero kawat (online), teka Kartu Keluarga, KTP elektronik, Kartu Identitas Anak (KIA), Akta Kelahiran, Akta Kematian, lan administrasi kependudukan liyane.
    Seperene ana 43 layanan adminduk hang bisa dilayani liwat MPP Digital. Masarakat bisa nggawe dokumen liwat njero kawat (online) lan langsung dicetak dhewek.
"Husus KTP elektronik lan KIA nyetake kudu nang mesin anjungan adminduk mandiri hang ana ring enem panggonan merga kaya e-KTP nyetake kudu husus. Program iki terus disempurnakaken, lan edheng-edheng terus ditambahi layanane. Kayata ijin kanggo propesi kesehatan," jare Ipuk.
   MPP Digital iki, jare Ipuk, saya njangkepi program layanan publik "jemput bola" hang ana ring Banyuwangi, kayata Camping Embun (Jemput bola di kawasan perkebunan dan hutan) sampek Bunga Desa (Jemput bola di kawasan desa).
"Muga-muga saya nggawe gampang uripe masarakat Banyuwangi. Aplikasi iki terus disempurnakaken sampek akehe layanane atusan hang bisa melebu ring MPP Digital," jare Ipuk. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor