Basa Medura Diusulaken Melebu ring Pestipal Sastra Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 Mei 2023 07:18 WIB)
- Laporan



Basa Medura diusulaken melebu ring Pestipal Sastra Banyuwangi mengarepe, nambahi hang wis ana saiki yaiku basa Indonesia, Jawa lan Using.
    "Uga mangkat digagas kelendi Sastra Medura bisa melebu pestipal, masiya sing ana MGMP Bahasa Medura merga wong Medura hang manggon ring kebonan, pesisir lan pasar uga akeh. Iki bisa dadi salah sijine kelir budaya Banyuwangi,” jare Kepala Dinas Pendidikan Suratno ring RTH Belambangan dina Rabu (24/5) sore.
   Pestipal Sastra digelar sak perlu nyurung supaya lare seneng nong donya sastra kanggo ngalusaken pekerti lan dhemen maca kanggo ngewerakaken wawasan.
  Pestipale uga nyurung hang durung duwe ijazah SMA supaya milu paket C PKBM, jare Pak Ratno. Supaya masarakat gampang diajak rembugan pembangunan lan saya sejahtera.
   Nalika ditampilaken kesenian teka sekolah endi-endi, ana siswi SMPN 2 Wongsorejo lan SMP 1 Muncar maca gurit basa Medura. Masiya akeh hang sing paham artine, keploke hang hadir uga anter-anteran, kaya nalika ana hang nampilaken tari-tarian, musikalisasi, sandhiwara uga deklarasi lembaga wisata edukasi, nyanyi lan basanan using.
   Ketua MGMP SMP Bahasa Using, Yeti Chotimah ngomong hang mungkin bisa nguweni panggon lan ngerumat basa Medura yaiku pihak MGMP. Iyane mbandhingaken ambi MGMP Jawa lan Using.
   Acara hang nampilaken pirangane kreasi iku digawa ambi telung wong yaiku Khomsatun asal SMPN 3 Banyuwangi hang ngurus MGMP Using, Kartika Ken Kusumaswari teka SMPN 2 Genteng hang ngurus MGMP Bahasa Indonesia, uga Nihaya Maghfiroh ngurus MGMP Jawa asal SMPN 2 Bangorejo ambi diiringi gamelan Jawa teka SMPN 1 Siliragung.
   Sakliyane iku uga iwuh hang digelar kanggo mengeti Hardiknas lan Harkitnas iki uga digelar kantin sehat teka pirangane sekolah lan jaja buku anggitane siswa lan guru.
   Acara ditutup ambi Kasie Peningkatan Mutu dan PTK Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, Didik Eko Wahyudi hang nggawakaken Puisi Basa Madura kanggo hadirin kabeh hususe kanggo Kabid Alfian hang kelahiran Sumenep kelawan judul Ojeng Balai.
  Acarane diterusaken kisuke ring SD Model Sobo yaiku Pestipal Memengan Sandhiwara, Cerita lan Pidhato Basa Using.

(Aguk/Nurhariri)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf