Bener Tah Makam Tawangalun ring Sraten?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Januari 2023 06:27 WIB)
- Laporan



Sewulan kepungkur Kepala Desa Sraten Kecamatan Cluring, Drs.H.A.Rahman Mulyadi ngirim surat ning Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Banyuwangi sakperlu njaluk keterangan ngenengi masalah makam Prabu Tawangalun ring Dusun Kedawung. Kanggo njawab penjaluke Kades iku, Kepala Disbudpar, M.Y. Bramuda, S.Sos, MBA, MM ngumpulaken Tim Cagar Budaya lan pentholane Dewan Kesenian Blambangan (DKB), lungguh bareng ngungkab sejarah hang ana gandheng-rentenge ambi Prabu Tawangalun lan Keraton Macan Putih.

"Miturut cathetan sejarah, Tawangalun iku ngedegaken Keraton Macan Putih sekira tahun 1667 ring alas Sudimara ya wilayah Kecamatan Kabat saiki iki. Wapate tahun 1691 lan dikremasi ring Pelecutan sakjerone Keraton Macan Putih. Hang pungkase uga diaben ring panggonan iku. Kadhung nganggo pathokan iku, Prabu Tawangalun iku durung melebu Islam. Kadhung jare makam hang ana ring Dusun Kedhawumg Desa Sraten Kecamatan Cluring iku ciri-ciri pisike ya kuburan wong Islam. Mujur ngalor-ngidul ana paesane. Mulane, lawang melebu ring area pemakaman iku uneke kudu diuwah. Saiki yara ketulis "SELAMAT DATANG DI SITUS MAKAM PRABU TAWANGALUN". Iku kudu diuwah dadi "Selamat datang di petilasan Prabu Tawangalun" Iku lebih entheng. Sing kathik dianakaken penelitian sing paran-paran", abane Ketua DKB Kang Hasan Basri hang akrab diceluk Kang Son iku. 

"Sakliyane hang disampekaken Kang Son mau iku, kene kudu nggawe narasi hang bisa ngedhem-ngedhemi. Kadhung jare kudu diteliti sulung ya ayo. Taping kudu diwujudaken Tim Investigasi sulung. Makene sing diecap liyar," sambung Ketua Dewan Penasehat DKB, H.Samsudin Adlawi hang sabendinane dadi General Manager Radar Banyuwangi iku.

Titin Fatimah, Ketua Tim Cagar Budaya Kab.Banyuwangi nyampekaken kadhung Tim Investigasi iku uwis legal, ayo padha nekani petilasan Prabu Tawangalun iku hang uwis kadhung diyakini ambi masarakat  sakubenge, gok iku makame Prabu Tawangalun.

"Mula sing ulih gerusah-gerusuh kadhung arep netepaken barang utawa wilayah hang kelebu Cagar Budaya," abane Titin. 

Pihak Disbudpar sepakat ambi paran hang dikarepaken DKB lan TCB Kabupaten Banyuwangi. Ngenengi masalah narasi, miturut Sekretaris Dinas, Ir. Choliqul Ridha,M.Si bisa digawe. Hang penting melebu ning akal.

"Aja sampek masarakat iku disuguhi narasi hang sing melebu ring kaedah kesejarahan. Isun sepakat kadhung ring Dusun Kedawung Desa Sraten iku awu aben Prabu Tawangalun. Bisa bain hang ring kana iku selir hang uwis muslimah. Saingga awune dipendhem nganggo cara Islam".

H.Bambang Lukito, SH hang magih pengurus DKB iku nyampekaken cerita: Ring jaman moderen saiki iki isun tahu ngeweruhi lan isun milu nekani pisan. Yaiku ninggale I Kethut Sidra. Mayite dikubur ring Taman Makam Pahlawan Wisma Raga Satria Banyuwangi. Ulih sewulan, dijugeri ambi keluwargane aju diaben ring  pengabenan Pulo Santen Karangrejo. Isun teka nalika iku. Taping sampek seperene, kadhung rika lan isun iķi ziarah ning TMP magih nganggep ana kuburane I Kethut Sidra ring antarane kuburan-kuburan liyane. Kira-kira sing gedigu tah kedadeyane Tawangalun bengen?" abane tokoh Muhammadiyah hang uga dijuluki Kang Anim iku. Hang jelas, Tim Investigasi saiki iki magih digodog SK-ne kanggo nguwataken jangkahe.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor