Bu Wayan lan Eco Enzym ring Gitik Rogojampi

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Jumat, 25 November 2022 08:53 WIB)
- Laporan



Seperene, kari-karine janganan lan kulit wowohan kerep dianggep mung dadi dheket hang sing ana manpaate lan dibuwang. Naming jaman saiki dheket teka karine sayur lan kulit wowohan hang kelebu sampah jenis organik iku mau bisa diolah dadi barang hang lebih manpaat antarane dadi rabuk organik/kompos, lan kanggo budidaya singgat magot lan liya-liyane.

Temakena dheket karine sayur lan kulite wowohan iku mau uga bisa didadekaken produk herbal hang arupa Eco Enzym. Iki hang dilakoni ambi Bu Wayan Suartini warga Desa Gitik Kecamatan Rogojampi. Iyane ngembangaken produk Eco Enzym iki sakat rong tahun kepungkur. Sedurunge pageblug Covid-19, Iyane sak keluwarga urip ring Bali mbukak Salon Kecantikan lan Pijet Spa. Kerana pageblug Covid-19 sore usahane ring Bali dadi sepi lan balik mulih nyang Desa Gitik lan nerusaken usaha salone.

Ring sela-selane ngelakoni usaha salon iki mau, Iyane weruh akeh dheket karine janganan lan kulit wowohan teka tanggane kebuwang mung dadi sampah. Kelawan ilmu hang diduweni Iyane megawe ring Bali, dheket-dheket teka tangga-tangga iku mau dijaluk kanggo nggawe Eco Enzym. Kawitane produk Eco Enzym iku mau mung dienggo dhewek lan diedumaken nyang tangga-tangga parek umahe. Produk hang kawitan mung rupa cairan Eco Enzym.

Jare Bu Wayan, cairan Eco Enzym iku manpaate kanggo ngerijigi lan ngalusaken kulit, kanggo tamba gatel-gatel ring kulit lan keneng dienggo rabuk cair husus kanggo tanduran. Bu Wayan njelasakaen carane gawe Eco Enzym yaiku:

  1. Dheket karine sayur lan kulit wowohan dipilih lan dipisahaken sulung antarane sayur lan kulit wowohan. Mergane sing kabeh sayur lan kulit wowohan keneng dienggo gawe Eco Enzyim.
  2. Dheket sayur lan kulit wowohan hang mari dipisah mau aju dikumbah rijig makene sing ana kotoran lemah lan ilang ambune.
  3. Aju sayur lan kulit wowohan mau dicampur ambi banyu ring jero wadhah hang kedhap angin. Takeran kudu pas antarane banyu, kulit wowohan, sayur lan molase (tetes). Kadhung sing ana tetes bisa diganti ambi gula aren kanggo proses permentasi.
  4. Banyu hang keneng dienggo proses iku ana 4 macem yaiku: banyu sumur, banyu udan, banyu tetesan teka AC lan banyu teka PDAM. Husus banyu teka PDAM kudu diinepaken sulung sedina sewengi makene kaporite ngendhep. Mergane kadhung magih ana kaporite, proses permentasine sing bisa sampurna lan bisa sing dadi.
  5. Kadhung campuran hang wis pas ambi takeran mau wis dicampur rata aju ditutup rapet makene sing ana angin melebu (kedhap udara) diimbu/diinepaken saksuwene 90 dina utawa telung ulan. Sakmarine telung ulan, buru Eco Enzym bisa dipanen.

Sakliyane mbukak usaha salon, Bu Wayan iki uga aktip ring kepengurusan PKK Desa. Liwat kegiyatan hang dianakaken ambi PKK desa iki mau, Bu Wayan mangkat ngenalaken manpaat Eco Enzym lan sosialisasi kelendi carane nggawe Eco Enzym nyang kanca-kanca anggota PKK. Seteruse Bu Wayan uga kerep dijaluki tulung PKK Kecamatan lan PKK desa liya kanggo nguwani pelatihan pengolahan sampah kanggo gawe Eco Enzym.

Buru-buru produk Eco Enzym iki mung rupa cairan bain. Naming saiki teka cairan Eco Enzym iki bisa dadi macem-macem produk antarane:

  1. Sabun Mandi
  2. Sabun Cuci Piring
  3. Doedoran/Lenga Wangi
  4. Pupuk Cair lan Kompos
  5. Semprotan Kulit 
  6. Sampo kanggo krimbat
  7. Eco Enzym F2 lan magih akeh liyane.

Jare Bu Wayan eman-eman kadhung sampah hang kawitane sing ana regane mung dibuwang bain. Kadhung wis dadi eco enzym bisa dadi manpaat lan kadhung wis dadi produk-produk kaya ring ndhuwur iku mau bisa nduweni nilai ekonomis (bisa diedol) kanggo nambahi pengasilan ring umah. Sakliyane iku uga bisa ngatasi masalah sampah ring rumah tangga.

Kadhung kepingin weruh lan ngerti jangkepe kelendi proses lan carane ngolah sampah sampik dadi produk herbal Eco Enzym iki bisa takon-takon nyang Bu Wayan hang manggon ring Desa Gitik hang alamat jangkepe yaiku ring Dsn. Sidorejo RT  01, RW 01 Desa Gitik Kecamatan Rogojampi. Ring kana uga wis sedhiya produk-produk herbal Eco Enzym hang diasilaken ambi Bu Wayan. Rika bisa tuku produk-produk iku mau lan nyacak ring umah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Laporan satria

Editor: Hani Z. Noor