Buku Isun Gandrung Ditanting Ketua DKB (Bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 November 2022 08:48 WIB)
- Laporan



Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri rada beda penemune tepak maca bukune Eko Budi Setianto Isun Gandrung, merga gandrung mung dideleng teka siji bucu sawang.
   "Sun kira ngomongaken bisa teka pirangane bucu. Engko hang dideleng hing mung soal omben-ombenan bain, hing soal kawin pegatan. Wong urip ceritane bisa macem-macem. Relasi gandrung ambi agama nong Banyuwangi wis marek. Isun dhewek ndeleng gandrung iki dadi pesantikane wong Banyuwangi. Diagul-agulaken tapi kadhang ndelenge hing kabeh. Mung dideleng omproke ambi pelengane. Hing dideleng sekabehane.
Dadi teka bucu sawang wong agama gandrung iku elek. Acake takonana nung panjak, pelatih tari, wong seni budaya, wong hang nanggap, ya apik. Takona bupati teka pak Joko Supaat Slamet sampek Bu Ipuk, apik."
   Kang Son ngewani komentar tepak buku iku dipeleciraken tanggal 12 Nopember sore ring Pelinggihan Prabu Tawang Alun Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi.
  "Delengen gandrung minangka sejarah. Jare sakat Perang Bayu. Sejarah dideleng nganggo bucu sawang hang endi. Teka posisi endi, acake selidikana. Kepingine bisa ditakoni liya-liyane, sekabehane.
   Kadhung Isun, nulih sejarahe gandrung teka sisi positipe, arep paran, sapa ngelarang? Kadhung Pak Budi sawangane berangkat ndelenge teka ati hang jelemeten, ati hang ngenes. Kari gedigi nasibe gandrung iki, dielek-elek bain ambi para kiyai. Dadi atine teka rasa welas, ambi nelangsa lan getem-getem. Serta melaku-melaku nong para gandrung hang ditakokaken hang gedigu. Ahire nong buku iku hang posisine nong kono."
   Umpamane, jare Kang Son celukane kang Hasan Basri, Gandrung Siti hang umahe sasak Boma ngetanaken. Kadhung nurut wong langgar, Gandrung Siti iki ya elek. Maksiyat. Kadhung Isun hang gedigu-gedigu aja ditakokaken. Aja direken wih... Kadhung Hun deleng, sisi-sisi perjuwangane. Gandrung Siti iki gandrung hang awet. Ambi manajere, Pak Tomo, paling apik ngelola gandrung kelawan cara propesional. Paling apik nurut Isun. Lan kehidupan beragamanya kelendi? Normal. Kaya tangganisun dhewek. Anake, Lia, disekolahaken ning Madrasah Tsanawiyah Gintangan. Aju kuliyah ring bidang kesehatan. Lia ya kober dadi gandrung propesional. Milu emake pisan njuget gandrung nong pesantren nong Jawa Tengah.
   Tapi figur, dinamika kehidupan, kenyataan gok iyane sukses nyekolahaken anake, yara penting diduduhaken. Ambi Pak Tomo lakine sukses ngelola gandrung kelawan apik. Dadi hing mung soal omben-ombenan ambi nelangsa."
   Kang Son ngewani conto maning tanggane nong Mangir: Gandrung Mis Mangir, rabine ruwahe pak Hasan Ali. Kadhung dideleng ring bukune Pak Budi, "Nelangsane dadi gandrung". Isun rada kelendi ya.. polahe, wong Using iku rada angel diceluk "Bu" kadhung sing rabine pejabat. Wong nyeluke "Bu Mis" masa "Mbok Mis". Kadhung rabine Pak Hasan hang pungkasan diceluk "Mbok Peluk" dudu "Bu Peluk."
   Kadhung Bu Mis tampil tepak Pak Harto nong Tapanrejo, kadhung Sun deleng, betapa gandrung itu sangat perkasa. Pejabat gedhe bain kepincut. Sampek  ahire Bu Mis diejak njuget ning PON Jakarta, mulih mariku dirabi ambi Pak Hasan Ali. Isun weruh kehidupane Pak Hasan Ali, njaba njero. Wonge dudu wong gampangan rabi. Dudu thukmis bathuk kelimis. Isun yakin Pak Hasan Ali ngerabi Bu Mis merga terpesona nyang sosok gandrung. Kadhung Pak Hasan nganggep gandrung iku elek, hing kira dirabi, jare Kang Son.
   Isun ndelenge Bu Mis minangka "Pesona Gandrung". Perkara Bu Mis hing nggandrung maning sakwise dirabi, iku urusane Pak Hasan Ali. Apuwa Pak Hasan Ali rabi maning? Iku ana sebabe lan iku diterima ambi Bu Mis.


(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor