Buku Isun Gandrung Ditanting Ketua DKB (Bagiyan 2, entek)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 17 November 2022 08:20 WIB)
- Laporan
Ketua Dewan Kesenian Blambangan Kang Hasan Basri ngejak sapa bain hang welas ambi gandrung kanggo mbangun citra hang apik kanggo gandrung.
Ring acara meleciraken buku Isun Gandrung karyane Eko Budi Setianto ring Pelinggihan Prabu Tawang Alun Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Kang Hasan Basri ngomong mesthine gandrung hing dideleng teka nelangsa uripe, kawin-pegat utawa masalah omben-ombenan thok.
"Isun weruh kisah uripe macem-macem umpamane kaya gandrung Kusniah ring Kabat. Pak Budi nggawe judhul "Nelangsa sampek matine." Mula iyane gedigu. Umah nong wetane lurung dijuwut uwong, mari iku digawekaken umah ambi lalare nong pareke setasiyun Kabat lawas. Isun teka ambi kanca-kanca.Taping Isun ndilenge hing gedigu. Mbok Kusniah iku masiya hing duwe, masiya hing ana tanggapan maning, mung nyindhen wis arang-arang tapi iyane iku ngamet lare lan lare iku anak disabilitas. Betapa luhurnya kepribadian seorang mbok Kusniah. Maksudisun kadhung motrek mbok Kusniah ya dideleng teka sisi iki. Mari iku teka dinamika perjuwangane."
Iwuh iku ya ditekani Gandrung Lilik Singojuruh lan Gandrung Lusi hang magih kuliyah ring Unesa Surabaya.
Kang Son nambahi: "Artine gedigi, gandrung iki wis dadi pesantikane wong Banyuwangi." Citra iku ditamtoaken teka bucu sawang hang endi kene ndelenge. Paran jare hang motrek.
"Isun rada priatin, Pak Budi berangkate teka kana (nelangsa uripe, kawin-pegat, dianggep maksiyat, omben-ombenan-red). Ahire motivasi hang ana: acake gandrung iki nelangsane kelendi?"
Masalah liya hang dibahas yaiku soal omben-ombenan. "Gandrung disalahaken masalah omben-ombenan. Jawabane padha: omben-ombenan sakat bengen ana tapi mung dienggo ngangetaken awak."
Setemene iku masalah liya. Hing mung nong Banyuwangi, kesenian tradhisi komunal ring Kalimantan, Sulawesi, Jawa Barat mesthi ana.
"Banyuwangi jare Isun wis ngeliwati iku, problem relasi gandrung ambi stigma agama. Wis liwat."
Contone, jare Kang Son, saiki gandrung wis melebu pesantren. "Isun iki guru agama, anakisun Sun pondhokaken nong pondhokan NU 27 derajat Bustanul Makmur Genteng, pondhokan NU deles, 27 karat. Serta perpisahan, Isun yara teka, cumpu ana jugedan gandrung."
Conto liyane, Seleksi Gandrung hang iyane tekani nong Hotel El Royal. Pesertane sapa? Lare Madrasah Aliyah Negeri akeh hang milu seleksi gandrung, pondhokan-pondhokan hang duwe sekolah, gandrungan. "Artinya problem relasi gandrung dengan stigma agama Banyuwangi sudah lewat. Sekarang kita kayakan."
Mengarepe, kudu nggawe citra hang apik. Kang Son hang ngaku minangka "muallaf" ring gandrung merga teka keluwarga hang kenthel agamane, bapake NU 27 karat, hang ngedekaken NU ring Mangir, ngedegaken madrasah. Minangka anake, kadhung ana gandrung ngarep umahe, lawang dikancing hing ulih metu.
"Isun ngalami iku. Merga pergaulan, saya mencintai gandrung setelah keluar dari desa saya. Ngomong Using iku Isun nong endi bain nganggo basa Using. Nong Malang, Jember nong endi bain. Polae Isun dhemen lokalitas. Kene kabeh duwe rasa iku. Mangkane tugase awak dhewek, motrek sisi positip teka gandrung."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Potrek: Gandrung Lilik (kiwa) lan Gandrung Lusi
Editor: Hani Z. Noor






