Buku Kanggo Lalare SD: Omprok lan Sampur

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Jumat, 26 Agustus 2022 07:10 WIB)
- Laporan



Kayadene lare sinau ilmu paran bain, lalare hang sinau basa Using kudu akeh latihan pisan. Kahanan paling apik, kadhung ring njero kelas lare iku sinau teori basane, ring njaba nemoni radhiyo, tipi lan medhia liya hang nganggo basa iku, kelebu buku penyokong makene lalare saya rajin latihane.
   Eleke pengajaran basa Using iki magih kurang sugih wacanan hang ana ring pasaran. Bengen impene ruwahe Pak Hasan Ali, basa Using iki bisa ngadeg jejeg dadi salah sijine basa hang bisa sepantaran fungsine ambi basa liya. Bisa dienggo nulis novel (kadhung iki wis kelakon merga wis ana pirangane novel kayata Niti Negari Bala Abangan tulisane Wak Hasnan Singodimayan, Agul-Agul Belambangan anggitane Moh. Syaiful hang ulih penghargaan Rancage, Wilis tulisane Aji Wirabumi lan liya-liyane) uga bisa dienggo ngalih basa teka buku basa liya nang basa Using lan sakwalike. Uga bisa dienggo tulisan ilmiah, dienggo nulis laporan lan liya-liyane.
   Buku wacanan kanggo lalare tau ana Markas Ketelon karangane Antariksawan Jusuf (Kang Aang) hang dialih basa nyang basa Indonesia kelawan judhul Markas Tiga Petualang ring Balai Bahasa Jawa Timur taun 2021. Masiya tawis buku iku dianggep rada dhuwur basane kanggone lare SD hang buru ajar maca. Ceritane ana ring sak ubengane uripe lare telu sak kancaan yaiku Nawawi (Nawi), Ibrahim (Ahim) lan Suroso (Osok). Donyane lare sekolah jaman bengen sedurunge ana tilpun lan medhia sosial metu kabeh: ndudul welut, nunggang cikar, emeh mati langi-langian nong segara, menganan layangan, kemah nong Baluran lan sepiturute.
   Sedurunge ya ana kumpulan Dongeng hang digarap rame-rame ambi sastrawan Banyuwangi kayata ruwahe Pak Andang, Wak Hasnan Singodimayan, Kang Abdullah Fauzi.
   Cumpu Kang Aang saiki ya wis nyiyapaken buku anyar yaiku Omprok lan Sampur. Buku iki rasane lebih cocog ambi lalare SD hang buru sinau maca lan tangane magih kayalen arep ngewani kelir maneka werna kadhung ndeleng gambar cemeng putih durung ana wernane.
   Sakakehe 23 halaman mergambar iku mung ana sak halaman hang ana wernane. Seliyane ana ceritane ditulis ring ngisor lan gambar cemeng putih. Jare ater-ater penerbite (Sengker Kuwung Belambangan), saben halaman kira-kira isine 2-5 ukara hang dienggo. Akehe ucape mula kira-kira 200an lebih sithik.
   Ring halaman mburine, ana pisan pitakonan hang dijuwutaken teka isine buku kanggo lare kelas 4, kelas 5 lan kelas 6. Uga ana gambar hang engko arep digawe Lomba Ngewarnani. Lomba iki dikarepaken bisa dipiloni lare sekolah SD hang wis tuku bukune. Ana hadhiyah kanggo pirangane pemenang hang paling apik lan rajin ulihe ngewani kelir ring gambar hang ana ring buku hang wis disedhiyakaken kanggo lombane.
   Buku iki engko arep diluncuraken bareng ambi buku Isun Gandrung tulisane Kang Eko Budi Setianto kira-kira ulan Oktober. Buku dwi basa Using-Indonesia iki arupa laporan cerita uripe 33 gandrung.
  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf