Buku Katalog lan Data Digital Naskah Kuna

Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Rabu, 15 Februari 2023 08:38 WIB)
- Laporan



Naskah-naskah kuna kaya dene Lontar Yusuf, Lontar Juwarsah, Lontar Sritanjung, Lontar Damarwulan, Lontar Sujinah lan naskah-naskah kuna liyane hang magih akeh diparoti ambi masarakat, perlu diselametaken supaya sing sampek rusak utawa ilang. Perlu lan penting seru, merga tinggalane para leluhur hang isine akeh ngungkab ngenani 'ilmune wong urip’ lan kahanan masarakat jaman bengen iku supaya sing ilang utawa musna, supaya bisa diwaca lan dipahami isine ambi generasi saiki. Nyelametaken naskah-naskah kuna iku salah sijine liwat proses digitalisasi.

Miturut peneliti naskah kuna hang uga Dosen Universitas PGRI Banyuwangi, Wiwin Indiarti, nyusun katalog naskah kuna liwat proses digitalisasi iki penting seru merga selawase iki magih durung tau ana pendataan ngenani naskah-nakah hang ana ring Banyuwangi. Kamangka, ‘cathetan’ tinggalane para leluhur iku minangka sumber penting ngenani sejarah lan budaya bangsa.

“Sakat taun 2019 sampek 2023 wis didata akehe 73 naskah kuna Banyuwangi hang sak kabehe iku wis melebu nang katalog naskah kuna Banyuwangi,” jare Wiwin.

Wiwin ngomong naskah-naskah kuna tinggalane para leluhur hang akeh disimpen lan diduweni ambi masarakat iku ditemokaken noring wilayah Kecamatan Kalibaru, Rogojampi, Banyuwangi, Giri lan Glagah. Proses digitalisasi-ne ditandangi ambi lembaga internasional Digital Repository of Endangered and Manuscripts of South East Asia (Dreamsea). “Naskah kuna Banyuwangi hang wis diproses digitalisasi, antarane Lontar Yusup, Lontar Ahmad, Lontar Juwarsah, Serat Damarwulan, manuskrip Al Quran, dokumen-dokumen sejarah lan keislaman,” jare Wiwin njelasaken.

Sawetara iku, ana pirangane katalog naskah hang diterbitaken ambi Dinas Perpustakaan dan Kearsipan (Dispusip) Kabupaten Banyuwangi. Program penerbitan buku katalog hang dilakoni Dispusip Kabupaten Banyuwangi sakat tahun 2020 iku wis mari lan wis diserahaken nang Kepala Dispusip, Drs. Zen Kastolani, M.Si., dina Selasa (14/2) kepungkur. Sak liyane buku, uga diserahaken materi digital lan metadata naskah kuna hang disimpen ning flashdisk.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : liputan

Editor: Hani Z. Noor