Bupati Ipuk Meleciraken Buku Kembang Sulur Sritanjung

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 09 Mei 2023 09:20 WIB)
- Laporan



Sak sing-singe ana 77 Penyair kumpul ring Pendhapa Sabha Swagata Belambangan (8/5) sakperlu nyekseni melecire buku kumpulan puisi ngenengi masalah cerita rakyat Banyuwangi hang judhule “Sulur Kembang Sri Tanjung”. 
   Saben Penyair ngumpulaken rong karya. Dadi, buku iku ngemot 154 judhul. Para penyair hang anggitane ana ring buku antologi iki manggone ana ring endi-endi, ring Banyuwangi uga ring kutha liya. Sakliyane ditekani Penyair, acara hang dikeliri kelawan tampilan maca puisi lan diiringi musik, ana uga hang tampil musikalisasi puisi lan teaterikal puisi, ditekani uga ambi Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Kepala Dinas Pendidikan, Kepala Cabang Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur Kab.Banyuwangi, Kepala Perpustakaan lan Kepala Kantor Kementrian Agama Kab. Banyuwangi.
   Ketua Pelaksana, Halimah Munawir, minangka pendhiri Obor Sastra Jakarta nyampekaken kadhung iyane dhemen nata lan mbangun komunitas sastra ring Banyuwangi. “Merga Isun yakin, Banyuwangi iku dudu mung masalah kepariwisataane hang bisa njumbul. Unsur liyane kaya dene kesusasteraan Banyuwangi uga bisa njenggirat. Nyatane, kadhung sing diwatesi, Isun yakin sing mung pitungpuluh pitu Penyair hang ngelumpukaken karyane. Mesthi panitiya bakal bingung. Mula, anane buku Sulur Kembang Sri Tanjung iki bisaa dadi pengeret buku-buku liyane,” abane Halimah, wong kelairan Cirebon lan ulih jodho Kang Munawir hang aseli wong Banyuwangi.
   Iyane uga ngarepaken kadhung njumbule buku-buku kaya gedigi aja sampek mandheg, merga Banyuwangi bisa nambah pamore dadi kutha literasi.
   Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani milu kajon ning anane buku Antologi Puisi Sulur Kembang Sri Tanjung iku. Iyane ngarep-arep supaya lare-lare Banyuwangi gelem ngisi konten kelawan wacanan puisi. “Embuh iku ring Facebook, Instagram, Tik-tok lan liya-liyane. Sosial media iku panggonan hang gampang dienggo promosi. Mulane, aja sampek masarakat Banyuwangi ditinggal kemajuan teknologi,” abane Mbok Ipuk Azwar Anas nalika pidhato kanggo ngawali acarane. Bupati uga nyampekaken gok ulan September iki Banyuwangi ulih undangan teka Unesco bab Ijen Geopark. Iki uga merga dhukungan seniman lan budayawan hang nguripi liwat karya ngenengi watu welirang lan kaendahan liyane ring sakubengane Ijen.
   Ring acara sore iku, uga ana bedhah buku Sulur Kembang Sritanjung hang dimoderatori ambi Kang H. Samsudin Adlawi, kelawan Narasumber Kang Zen Kepala Perpustakaan Kab.Banyuwangi lan Kang Amak Burhanudin. Bedhah buku iku dikawiti kelawan dadaran foklor hang disampekaken ambi Budayawan, Aekanu Hariyono, S.Pd. Sakliyane 77 Penyair, bedhah buku iku uga ditekani ambi para Pelajar lan guru sekolah hang ana gandhengrentenge ambi masalah kesusasteraan.
   Mbok Fitrin ambi Kang Yusuf Khoiri teka Perpusda ya sakkal njaluk idin nyang kru antologi puisi arep ngunggah ring e-katalog digital perpusda Kab. Banyuwangi.
   Koordinator pelaksana kegiatan Syafaat, SH,MHi hang uga Ketua Komunitas Lentera Sastra nong lingkungan Kemenag nyampekaken kadhung buku hang diresmikaken peluncurane ambi  Bupati iki minangka kumpulan puisi folklor. Fungsine dienggo pengiling nyang cerita rakyat utamane basa tutur hang turun temurun lan magih ana ring Banyuwangi. Referensi teka cerita rakyat kuna ring sekehe wilayah-wilayah, salah sijine Banyuwangi. Njuwut teka cerita rakyat wujud novel utawa cerita cendhek wis anjerah dilakoni, nawi kelawan cara nulis puisi bisa dadi pilihan liya ring cara cerita wong Banyuwangi. 
   Budayawan Aekanu teka  paguyuban Kiling Osing hang wis nggawe buku foklor Sritanjung lan Barong Kemiren ring 7 basa iku nyebut puisi bisa lebih menarik lan  komunal.
   Kepala Kantor Kementerian Agama Kabupaten Banyuwangi Amak Burhanudin ambi Zen  Kastolani, Kepala Dinas perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Banyuwangi nyebut musikalisasi puisi lan dramatisasi uga teaterikal puisi hang ditampilaken seniman kawakan lan ngelibataken jebeng thulik pelajar penting kanggo nerusaken kegiyatan sastera. Tampile Syamsudin Adlawi  hang diiringi pemusik kawakan Yon DD uga Ketua DKB Hasan Basri hang nyebut Danyang Mangir nambah bobote acara. Ateraksi guru SMPN 3 Rogojampi Bunga Putri Cahya lan Yeti Chotimah maca puisi hang judhule Keboan-keboan hang diaransemen pelatih musik Novianto.

(Kang Ujik/Aguk)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf