Bupati Ipuk: MTQ Kanggo Mbangun Mèntal

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 21 November 2022 07:15 WIB)
- Laporan



Dewan juri Musabaqah Tilawatil Quran (MTQ) Banyuwangi kaping 30 taun 2022 dilantik ambi Ketua Lembaga Taman  Pendidikan Al-Qur'an Kab.Banyuwangi, Arif Setiawan, hang sabendinane dadi Asisten Pemerintahan dan Kesra Pemerintah Kabupaten Banyuwangi.
   Bupati Banyuwangi, Ipuk Festiandani nalika mbukak dimangkataken MTQ 2022 nyampekaken asil-asile pembangunan ring Kabupaten Banyuwangi.
   "Pembangunan hang keneng diarani berhasil sing mung ning masalah fisik. Pembangunan mental keagamaan uga kudu didadekaken ukuran. Anane MTQ iki keneng diarani wujud anane pembangunan mental keagamaan ring kalangan generasi milenial," tegese Bupati hang uga nugasi Kepala Dinas Pendidikan supaya ngabrag-abragi kepala sekolah makene nggiring murid-muride  ngadhiri acarane MTQ. Kerana Al-qur'an sing mung kanggo hang milu lomba. Hang sing milu lomba jumlahe lebih akeh.
   "Nawi tah nalikane ngadhiri MTQ aju duwe kerenteg kepingin belajar qura' aju taun-taun  ngarep bisa milu lomba. Sapa weruh," abane Ipuk nguweni semangat ning lare-lare enom. Utamane para pelajar umum.
   Anggota Dewan Juri hang dilantik antarane yaiku KH. Achmad Siddiq, M.Ag, MHI, Ust.H.Juwaini, Ust.Yasin Alibi lan liya-liyane.
   Cabang MTQne digelar tanggal18-19/11 2022 hang panggonane ana ring Pendhapa Sabha Swagata Belambangan lan ring Sekretariat Pemerintah Kabupaten Banyuwangi. Sawetara iku cabang liyane kaya Musabaqoh Sarhil Qur'an, Hifdzilqur'an lan liya-liyane arep dianakaken ring ulan Januari 2023. 
   KH. Ahmad Sidiq hang sedinane dadi penghulu ring KUA Rogojampi iku nyampekaken kadhung lare milenial saiki iki ngadhepi aruh-arahe perkembangan teknologi hang sing keneng dibebeng. Sing milu maju ya ketinggalan, milu maju akeh keberejete. Dadi ya kudu pinter-pintere kabeh pihak nggawe program pengadhangan pengaruh negatipe Iptek.  
   "Mulane ayo padha ngimbangi pelayune Iptek ambi Imtaq," jare pengasuh pondhok pesantren Al-Anwari Kelurahan Kertosari Banyuwangi iku.

(Kang Ujik).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor