Bupati Ipuk Ngajak Lalare Toleran lan Sportip
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 05 Oktober 2022 06:38 WIB)
- Laporan
Atusan lare sekolah ngebeki gedhung tennis indoor ring GOR Banyuwangi (3/10). Kabeh padha nekani pungkase kegiyatan Festival Anak Soleh hang dianakaken Dinas Pendidikan Kabupayen Banyuwangi. Iwuh iku ditekani Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani lan Gus Miftah Habibirrahman teka Yogyakarta.
Ring kesempatan iku, Bupati Ipuk negesaken gok kegiyatan iki minangka bagiyan teka upaya nguwataken kualitas pendhidhikan para pelajar Banyuwangi. Hususe ngenani nguwataken sikap tepa selira nyang perbedaan, anti bulliying sampek sikap sportifitas.
"Lalare saiki sara seru dhung dipenging adoh teka 'donyane'. Kayata menganan game lan melebu ring donya digital. Merga iku awak dhewek minangka wong tuweke sing bisa mung menging thok, tapi uga kudu bisa ngadhang teka pengaruh negatipe kayata sikap intoleran, nyamah lan wadanan hang keseron lan sing sportip," gedigu bupati Ipuk negesi.
Kanggo ngurangi sikap negatip hang biyasahe njumbul teka pengaruh konten ring medhia sosiyal hang sing keneng dikontrol iku, miturut Ipuk lalare kudu dimodhali tuladha kang apik. Dikawiti teka ring umahe, sakubengane, utamane ya ning sekolahe.
"Lembaga pendhidhikan kudu ngewani perhatiyan lebih. Sing mung terima mulang pelajaran hang ana ring kurikulum, naming uga ngewani perhatiyan nyang pethithet, tingkah polahe lare. Kadhung ana hang sing tepak kudu dipareki, nyang larene uga nyang wong tuweke," imbuhe.
Dene Gus Miftah hang dikenal minangka pendakwah milenial iku negesaken supaya lalare sing duwe perasaan sing pernah utawa sing aman. Miturut iyane, sikap intoleran, nyamahan sampek sikap sing sportip iku njumbul teka rasa sing aman, sing pernah utawa mindher.
"Lalare kabeh kudu duwe rasa kaju nyang awake dhewek. Aja duwe rumangsa sing pernah utawa mindher. Wong-wong hang intoleran iku setemene wong hang sing percaya nyang awake dhewek. Wong-wong iku wedi ndileng wong agamane beda, polae setemene wong-wong iku sing percaya nyang imane dhewek," jelase pengasuh Pesantren Ora Aji ring Yogyakarta iku.
Gus Miftah ngajak lalare miloni tuladhane Nabi Muhammad. Masiya Nabi minangka lare atim piyatu, sing tau nduwe sikap sing pernah lan mindher. "Malah Kanjeng Nabi dadi wong hang kuwat, sing mindher ngadhepi kabeh kahanan lan masalah ring uripe," ujare.
Dene Kepala Dinas Pendidikan Banyuwangi, Suratno, njelasaken kadhung ring Festival Anak Sholeh iki ana pirangane kegiyatan. Sakliyane pengajian bareng Gus Miftah, uga ana maneka lomba tingkat SMP. Mulai teka Musabaqah Tilawatil Quran, Musabaqah Hifdzil Quran, Dai cilik sampek Kaligrafi.
"Kegiyatan iki dipiloni lare sekolah negeri lan suwasta sak Banyuwangi. Pengarepane, iki sing mung dadi wadhah kreyasi kanggone lalare, tapi uga bisa ngelairaken lalare hang duwe bakat ring Banyuwangi," pungkase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Disbudpar
Editor: Hani Z. Noor






