Bupati Ipuk Ngelungaken Tali Asih Kanggo Seniman, Budayawan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 19 April 2023 07:23 WIB)
- Laporan
Satus seniman, budayawan lan pelaku usaha pariwisata Kab.Banyuwangi ulih dulangan tali asih teka Bupati Ipuk Fiestiandani Rebo kepungkur ring Pelinggihan Prabu Tawangalun Disbudpar Banyuwangi.
“Kadhung dideleng teka jumlah picise sing sepiraa, dibandhing ambi pengasilan saben dinane. Mula Sun jaluk aja dideleng pira picise, taping delengen program pemerintah hang perdhuli nggatekaken masarakate, utamane para seniman, budayawan lan para pelaku usaha kepariwisataan, hang selawase iki melaku bareng ambi pemerintah kanggo nggedhekaken arane Banyuwangi. Dulur seniman mencorongaken aran Banyuwangi liwat karya senine, budayawan njumbulaken aran Banyuwangi kelawan nguri-uri kegiyatan tradhisi lan adate, lan para pengusaha Kepariwisataan ngeyakinaken wisatawan kelawan produk-produk keterampilane. Kabeh iku mau tujuwane mung siji yaiku, kelawan meromonge kepariwisataan, akeh wisatawan teka nginep, ngelencer lan belanja ring masarakat. Pungkasane, picis hang muter ring tengah masarakat saya akeh. Mulane masarakat Banyuwangi tambah makmur. Lha….Iku kabeh minangka asil usahane kabeh unsur, “ abane Bupati Ipuk nalikane buru maserahaken tali asih ring kanca-kanca seniman.
Ibu Ipuk iku ngarep-arep ring kabeh warga utamane seniman, budayawan lan para pelaku usaha Kepariwisataan, supaya terus nganakaken inovasi lan karya-karya hang bisa disenengi warga dunia. Embuh iku gendhing, jugedan, eweran lan Sendratari.
Kepala Disbudpar, Bramuda, ngomong kadhung SKPD hang dikendhalekaken iku sing bisa coplok teka dulur-dulur seniman, budayawan lan para pelaku usaha kepariwisataan.
“Kerana Disbudpar ubed penggaweyane ya ring antarane iku. Isun ngewakili kanca-kanca staf Disbudpar nyampekaken njaluk sepura ring Rika kabeh. Nawi nalikane nganakaken monitoring lan kurasi, ana hang sing nerimakaken. Disbudpar iku wajib hukume becik-becik karya hang arep ditampilaken,” abane Bramuda.
“Kanca-kanca seniman iki maklumi ning tugase dulur-dulur Disbudpar. Mula, karya iku kudu digurokaken. Isun rumangsa kadhung seniman iku urusane berkarya. Taping hang paham karya iku apik tah using ya kanca-kanca Disbudpar hang paham. Kerana karya iku arep disuguhaken ring endi kanggo acara paran, ya hang paham dulur-dulur Disbudpar.
"Alhamdulillah dina iki dulur-dulur ulih tali asih teka APBD 500 ewu rupiyah. Kesuwun Pak Bram lan kesuwun Bu Ipuk,” jare Bogi ngewakili rombongan seniman teka wilayah kidulan.
Ring pungkas-pungkase dina ulan puwasa tahun iki, Disbudpar Provinsi Jawa Timur uga maserahaken Apresiasi ring 30 seniman seniwati Kab.Banyuwangi liwat Dewan Kesenian Belambangan (DKB) lan Disbudpar Banyuwangi. Bingkisane uga dielungaken dina Rebo kepungkur, ring Pendhapa Wiraguna Disbudpar Banyuwangi.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







