Bupati Ipuk Nyokong Kiprah Ikawangi Mbangun Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 22 Februari 2023 09:37 WIB)
- Laporan
Bupati Banyuwangi Ibu Ipuk Fiestiandani nyataaken dhukungane nang organisasi wong diaspora Banyuwangi - Ikawangi - sakperlu bareng-bareng milu nggendhong indhit mbangun Banyuwangi.
Bu Ipuk ngomong gedigu ring Lounge Pelayanan Publik tepak nerima para dhayoh teka Ikawangi Pusat hang dipimpin Ketua Umum anyar periode 2022-2025 yaiku Mayjen (purn) Rusdi Maksum dina Senin (20/2).
Pak Rusdi ngerasa girang sebab
Bupati nanggepi kelawan apik anane Ikawangi Pusat. Merga kadhung tepak ana acara paran hang hing bisa ditekani bupati, bisa diwakili wong Ikawangi Pusat.
Hang nomer loro jare Pak Rusdi, Bupati uga arep ngelumpukaken ketua-ketua Ikawangi mareke Lebaran kanggo koordinasi. Biyasahe mula ana pertemuan wong Diaspora ambi Bupati. "Marek iku dikelumpukaken dhewek ketua-ketuane kanggo rapat koordinasi. Dudu Munas merga organisasine durung ana yara?"
Tekane Pak Rusdi hang aseli Kauman mburine masjid Baiturrahman dikancani salah siji Pembina yaiku H. Hafandi Noer, Wakil Ketua I AKBP (Purn) Titik Setyowati, Wakil Ketua II Sudibyo Wahyu Widodo, Sekretaris II Moch Dimyati, Bendahara I Elka Wijaya, Ketua Bidang kepemudaan dan Olahraga Sofi Muntahar lan Bidang Umum Indrawati Pramudja.
Dene teka Pemerintah Kabupaten, Ibu Bupati dikancani Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata M.Y. Bramuda.
Bupati ngarepaken supaya Ikawangi tambah gedhi kiprahe kanggone milu mbangun Tanah Kelairan.
Ikawangi hang semebar sak Nusantara lan sak donya wis tau miloni acara Gandrung Sewu hang tepak ana pageblug mung bisa digelar kelawan cara njero kawat (daring).
Kadisbudpar Bramuda ngusulaken kanggo nyokong kekarepan iku perlu dianakaken pertemuan Ikawangi hang bisane ditekani kabeh Ikawangi hang semebar sak donya.
"Isun ngerungokaken akeh penemu teka wong-wong Ikawangi hang kepingin Ikawangine saya gedhi, saya kuwat," jare Pak Bram nang belambangan.com. Kelawan anane Munas Ikawangi iku dikarepaken Ikawangi saya jejeg lan guyub.
Usul liyane teka Pak Bram yaiku ngerancang kegiyatan bareng antarane Ikawangi lan Pemkab. Banyuwangi.
Ulan Maret taun kepungkur, Ikawangi lan Pemkab nggawe iwuh bareng hang diarani Ikawangi Cycling Nusantara (ICN). Iwuh sepidhah santai iku dipiloni emeh 1000 wong nunggang sepidhah teka Bandara Banyuwangi sampek pungkasan ring Pendhapa Shaba Swagata.
Sedheng Pak Rusdi, sakliyane ngenalaken pengurus anyare, uga ngelungaken undhangane supaya Bupati Banyuwangi hang uga Pelindung ring setruktur organisasi Ikawangi kanggo nekani iwuh Halalbihalal hang arep dianakaken marek lebaran. Masiya tawis Halalbihalal kesuk iku hing ana kiprahe Pemkab. Biyasahe Pemkab Banyuwangi ngirimaken kontingen kesenian minangka salah siji kegiyatan Taman Mini. Biyasahe merga Kabupaten Banyuwangi kebagiyan ring ulan Syawal, sekaliyan dienggo acara Halalbihalal Ikawangi Pusat.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







