Bupati Maca Basanan Festival Literasi Using
HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Kamis, 15 Desember 2022 08:51 WIB)
- Laporan
Gambar: Bupati maca basanan
Tanggal 13-14 Desember 2022 Dinas Pendidikan Banyuwangi ngiwuhi Ulan Literasi Basa Using. Ana rong macem lomba kanggo ngeramekaken, yaiku Lomba basa Using lan lomba Njuged. Lomba basa Using ana rong macem, yaiku lomba Ndongeng lan lomba Memengan Sandhiwara kanggo lare-lare SD. Lan lomba njugede Gebyar Barong Kanggo Guru-guru SD.
Jebege iwuh iku mangkat sakat jam wolu isuk tanggal 13 Desember 2022 manggon ring Gedung Juang ‘45. Dikawiti sambutan teka bapak Suratno, S.Pd,MM minangka Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi lan Ketua Panitia Festival Literasi Using. Wekase yaiku, “Lalare kudu nguri-uri budaya bangsa, utamane kearifan lokal. Wis ana peraturan dhaerah ngenengi muatan lokal bahasa dhaerah. Literasi basa Using iki dadi salah sijine cara kanggo ningkataken SDM. Mandar muga guru MGMP Using pro aktif ring taun ngarep”.
Bupati Banyuwangi Hj. Ipuk Fiestiandani, S.Pd. mbukak acara kelawan nyapa lare-lare kang nyakseni Festival Literasi Using ring panggung telu kang ana ring jero Gedung Juang ’45 Banyuwangi. “Kadhung kene ngomongaken literasi, mesthi enget nyang buku. Turparen madak kabeh literasi iku merupa buku. Contone yaiku ndongeng. Muga-muga literasi bisa ditingkataken maning nganggo cara maca, nulis, ndongeng, njuged, lan lya-liyane. Dadi wong Using, kene kudu mahami budayane kene dhewek”, jare bupati.
Kang nggarai tambah rame iwuh iku ring gedhung paling isor ana stand Literasi Basa Using teka Tim Guru-guru Basa Using SD kabupaten. Kang dipameraken yaiku dongeng, basanan, lan gurit asil karyane guru-guru basa using SD. Buku-buku cithakane Sengker Kuwung Belambangan uga milu ngeramekaken. Lan ana pirang-pirangane stand teka Gugus Sekolah kang ana ring sak kecamatan Banyuwangi.
Kang sing bisa dilali bangete ana ring stand Literasi Basa Using, bupati Hj. Ipuk Fiestiandani, S.Pd. maca basanan. Basanan yaiku pantun nganggo basa Using. “Nunggang perahu nyang Tabuhan/ Soren-soren kecaruk Wak Aji/ Patheng sinau dadi teladhan/ Aja leren-leren ulihe ngaji."
Festival literasi iku ditekani atusan lalare SD sak kabupaten Banyuwangi. Kang ndeleng lomba lan kang milu lomba. “Sedinane Isun mula ngomong nganggo basa Using. Taping kadhung nyang guru ngomonge nganggo bahasa Indonesia, kadhang ya Besiki. Saiki diceluk panitia kanggo ngisi acara pembukaan. Isun mari-mari girang bisa tampil ndongeng nganggo basa Using. Polae bisa ngenalaken basa Using nyang kanca-kanca lan ngenalaken budaya Using kang ana ring Banyuwangi. Isun mau ndongeng Ndeleng Seblang”, jare Tara murid SDN Olehsari kang taun kepungkur juwara loro lomba ndongeng.
Semasa acara mari dibukak diterusaken lomba-lomba. Lomba Ndongeng manggon ring panggung 3 Gedung Juang ’45. Lomba Sandhiwara manggon ring paling ngingsor. Selawe kecamatan kang ana ring Banyuwangi pating miloni lomba. Juwara lomba Ndongeng antarane:
1. Mochammad Khoirul Anam teka kecamatan Cluring
2. Elvyra Carysta Jahra teka kecamatan Kabat
3. Arshyil Fadhillah Jatmiko teka kecamatan Glagah.
Kejuaraan lomba Memengan Sandhiwara mula akeh kelire, antarane yaiku:
Juara I : Kecamatan Kabat
Juara II : Kecamatan Giri
Juara III : Kecamatan Rogojampi
Harapan I : Kecamatan Muncar
Harapan II : Kecamatan Banyuwangi
Sutradara Terbaik : Judhul Melaku Ngaji
Skenario Terbaik : Judhul Kebacut Game
Ilustrasi Terbaik : Judhul Jaranan Pegon
Penata Artistik Terbaik : Judhul Mengan nyang Sawah
Aktor Terbaik : Judhul Mat Barong Pemeran lan Pemain Kendang
Aktris Terbaik : Judhul Melaku Ngaji Pemeran Emak
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : HENI KURNIAWATI
Editor: Hani Z. Noor






