Bupati Nampa Penghargaan, 14 Lare Milu Fetival Tunas Bahasa ring Jakarta

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 02 Mei 2024 07:36 WIB)
- Laporan



Bupati Ipuk Fiestiandani ring dina Pendidikan Nasional saiki arep nampa Penghargaan merga sokongane kanggo program Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD), jare Kepala Balai Bahasa Jawa Timur Dr. Umi Kulsum.
   Penghargaane arep diserahaken ring Menteri Pendidikan Nadiem Makarim ring upacara Hari Pendidikan Nasional (Hardiknas) nong Jakarta tanggal 2 Mei dina iki.
   Bu Ipuk, minangka wakil propinsi Jawa Timur, bareng ambi 18 bupati teka 18 propinsi hang milu program RBD.
   Rapat Koordinasi tanggal 2-3 Mei, arep dipiloni 353 peserta kelebu gubernur, bupati, lan wali kota hang dhaerahe wis milu kegiyatan Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD).
   Rakore digelar sak perlu kanggo nguwataken tujuan RBD antarane Pemerintah Pusat lan Pemerintah Daerah yaiku (1) mbangun pemahaman hang padha bab isu ilange basa dhaerah lan program RBD  (2) ngerumusaken seterategi lan paran hang kudu dilakoni kanggo nggayuh pelestarian basa dhaerah; (3) mbangun lan nguwataken sinergi ambi kepala daerah 38 propinsi ring pelestarian basa dhaerah.
   Kementrian Pendidikan liwat Badan Bahasa uga nggelar Festival Tunas Bahasa Ibu Nasional (FTBIN). Iwuh FTBIN tanggal 1-5 Mei iku dipiloni 520 lalare lan 38 pendhamping teka 25 propinsi.
  Teka Banyuwangi ana pitung lare SD lan pitung lare SMP hang milu. Lalare hang akehe 14 iku wis diseleksi teka acara sedurunge ring iwuh Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD) hang wis dikawiti sakat taun 2023.
   Yaiku teka SMP: Happy Ananta Syahrini (SMP3 Banyuwangi), Revan Dava Firdaus (SMP2 Banyuwangi), Isma Ayu Arifin (SMP1 Blimbingsari), Gadis Sifatus Soleha (SMP2 Srono), Deffano Eka Amirlloh (SMP2 Rogojampi), Ghisni Nuril Alfiani (SMP3 Rogojampi), Rehan Yanuar (SMP2 Cluring).
   Dene hang teka SD, Shava Okta Viana (SD2 Kedungasri), Ivana Astrid Irawan (SD Kepatihan), Vareza Arya Dika (SD Watukebo), Annisa Rozikul Zukhruf (SD4 Karangsari), Vania Zerlindah (SD1 Pakistaji), Kinara Rizqina Farihin (SD1 Kabat), Arshyl Fadilah Jatmiko (SD2 Tamansuruh).
   Jare Kang Prastono Santoso, Ketua KKG Basa Using hang uga pendhamping teka kecamatan Sempu, lalare iku wis mangkat sulungan merga arep milu upacara Hari Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei. Lalare iku didhampingi Heni  Kurniawati, Nathalia Utami lan Yeti Chotimah. Rombongan hang arep nyusul teka Banyuwangi kanggo nekani FTBIN, seliyane Kang Prastono, uga ana Pak Erpandi, Kasi Mutu PMPTK, Pak Janoto, Korwilkersatdik kec . Banyuwangi, Bu Esti Emi Handayani, Korwilkersatdik Kec. Tegaldlimo lan Bu Suliantari, Kepala Sekolah SDN Kepatihan.
   Tepak mangkat nang Jakarta nunggang pesawat ketepakan lalare iku bareng ambi Menteri PANRB Pak Anas hang tepak mulih nang Banyuwangi.
  
  


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf