Cathetan Cilik Penggembira Muktamar Muhammadiyah 48
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Kamis, 01 Desember 2022 08:45 WIB)
- Laporan
Muktamar Muhammadiyah lan Aisyiyah 48 ning Solo wis bubar. Pak Haedar Nashir lan Pak Abdul Mu’ti kepilih maning dadi Ketua Umum lan Sekretaris Umum PP Muhammadiyah periode taun 2022- 2027. PP ‘Aisyiyah uga wis kepilih pisan kang saiki dikomandhani Ibu Salmah Orbayinah dadi Ketua Umum lan Ibu Tri Hastuti Nur Rochimah dadi Sekretaris Umum. Muktamar nong Solo kang megah lan dibukak ambi Presiden RI Joko Widodo lan ditutup ambi wakil Presiden RI Ma’ruf Amin ndadekaken Muhammadiyah minangka organisasi masarakat saya dikenal luas sing mung ning Indonesia taping uga ring pirang-pirangane negara. Malah ning Malaysia ana kampus Muhammadiyah. Rencanane arep dianakaken pisan ring Australia.
Mula Muhammadiyah kang diedegaken KH Ahmad Dahlan sakdurunge kemerdhekaan utawa tanggal 18 Nopember 1912 lan Aisyiyah ambi kang wadon aran Walidah, dadi organisasi kang wis mateng pengalaman. Kadine ring acara Muktamar 48 kang dibukak tanggal 19 Nopember 2022 sore sing ana padu-paduan, sing ana tim sukses, taping para kandhidhat calon padha ihlas lan amanah. Kadine sing mbutuhaken wektu suwi, Ketua Umum lan Sekretaris Umum PP Muhammadiyah lan Aisyiyah wis kepilih.
Nalika acara Muktamar Muhammadiyah lan Aisyiyah, ana anggota Muhammadiyah lan Aisyiyah Banyuwangi kang dadi utusan taping hing sithik kang dadi Penggembira. Macem-macem cara berangkate nyang Solo. Ana kang nunggang bis travel, montor, utawa nunggang bis umum. Berangkate ana kang dina Kemis, ana pisan kang berangkat dina Jemuah. Kang penting dina Sabtune bisa hadhir ning acara Pembukaan Muktamar. Sing kaya para utusan, penggembira hadhir ning acara pembukaan sing milu menjero lapangan kerana sing ana panggonan. Diisi para utusan, lapangan Manahan Solo wis ebek. Paran maning ring kono ditekani pisan para mahasiswa Universitas Muhammadiyah kang nyanyi koor, nggendhingaken nyanyian nusantara, uga lagu Muktamar kang diciptakaken Haedar Nashir. Kang nggawe kemesar nalika kerungu lagune Sang Surya minangka ngajak tangi nalika pajar wis terbit.
Penggembira mula sing bisa melebu nong lapangan taping sing ngurangi semangate para penggembira mergane magih bisa ngetutaken acara pembukaane nong keliling njabane lapangan. Ning kono disedhiyakaken layar wera kang bisa dideleng ambi lungguh-lungguhan nggelar kelasa utawa paran bain gantine kelasa. Kang sing bisa ndeleng ring layar, magih bisa ndeleng youtube kang disiyaraken langsung tvMu Channel. Kadine sing kuwatir, penggembira tetep seneng, mongkog masiya ning njabane lapangan. Malah bisa gesah lan kenalan ambi penggembira teka dhaerah liyane.
Liwat youtube bisa ndeleng sapa bain kang hadir ring acara pembukaan Muktamar. Antarane Mantan Wakil Presiden HM Yusuf Kalla, Bu Susi Pujiastuti Menteri Kelautan dhongkol kang arep mbangun Universitas Muhammadiyah ring Pangandaran, para Menteri Kabinet Indonesia Maju, Ketua MPR, Ketua DPR Puan Maharani, Duta Besar Negara Sahabat, Din Samsudin Ketua Umum PP Muhammadiyah 2005-2010 lan 2010-2015, lan Ketua Umum PP Muhammadiyah ambi Ketua Umum PP ‘Aisyiyah periode 2015-2022 kang ndhampingi Joko Widodo Presiden RI mbukak acara Pembukaan Muktamar Muhammadiyah lan Aisyiyah 48 ring Solo iki. Sing tanggung- tanggung, kira-kira 3700 talent kang milu ngeramekaken acara Pembukaan Muktamar. Atraksine mulai teka koor, pencak silat (Tapak Suci), marching band, lan sing kalah serune sampek atraksi terjun payung. Para penerjun ambi ngibaraken potreke KH Ahmad Dahlan, Walidah, lan liya-liyane mudhun tepak lan pas nong tengah- tengah lapangan.
Mumpung nong Solo, penggembira Muktamar teka Aisyiyah Cabang Banyuwangi kang diketuai Bu Mulyati lan dikoordinir Bu Ikrina, mampir pisan sembayang Subuh nong Mesjid Jogokariyan Yogya kang piral merga kas masjid mesti nol lan jamaah padha diweni sarapan sakmarine solat Subuh. Uga mampir nong Mesjid Sheikh Zayed Grand Mosque Solo, masjid hadhiyah teka Raja Uni Emirat Arab.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







