Cathetan Juri Lomba Mewarnai lan Asile

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 Mei 2023 09:35 WIB)
- Laporan



Dina Minggu sore Dewan Juri Lomba Mewarnai Tingkat SD se Kabupaten Banyuwangi diangkati mbijine ring Umah Welas, Delik, Jambesari kecamatan Giri.
   Dewan juri iki Ketuwane pelukis senior hang salah siji karyane disimpen ring Istana Negara Kang S. Yadi K., anaTaufik Saleh, hang nggawe lebih 30 samak buku hang diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB). Juri liyane yaiku tukang nggambar (ilustrator) buku Omprok lan Sampur hang digawe lombane, guru SMPN 1 Kalipuro Wega Averina lan Moh. Syaipul guru Seni Rupa ring SMPN 1 Banyuwangi.
Tepak diskusi nemtoaken sapa hang juwara ring saben kecamatan (ana 25 kecamatan) lan aju mbiji 25 karya hang menang kanggo tingkat kabupaten, ana pirangane cathetan hang kewetu ring kono. Karya lalare iku ana 1.210 hang digarap bareng-bareng ring 25 panggonan (kecamatan) aju dikelumpukaken ring dewan juri. Aturane iki setemene ya hing ketulis ring antarane juri taping lebih arupa diskusi ngelebokaken ilmu seni rupa hususe ngelukis ring kono.
   Hang kecathet metu teka jurine umpamane:
1. Alat mewarnai paran bain ulih merga alat warna iku minangka salah siji teknis lukis. Dadi umpama nggawe, contone alat gambar Karandas, ya sing paran-paran taping teka alat iku bisa metu gambar hang apik.
   Salah sijine contone, ana lare hang nggawe efek dekoratip arupa watu-watu lan corak bathik. Kawitan iyane polesaken werna kuning minangka dhasar werna. Aju dipoles ring ndhuwure werna ijo. Corak bathike utawa watune iku nggawene kaya nyukiti werna ijone sampek dhasare hang kuning mauka katon.
2. Akeh lalare hang hing weruh gok sak halaman iku kudu kabeh diwernani. Hing mung uwong sak penganggone. Gambar hang gedigi iki ambi juri dianggep gambar hang durung marek.
   3. Eksplorasi ulih taping aja sampek ngganggu sak wutuhe gambar. Ana lalare hang nambahi gambar-gambar aseline. Merga imajinasine, nambahi gambar penonton, gambar suguhan kopi lan dhanggoreng, gambar gunung, serngenge ring mburine gambar aseline. Paran maning nambahi kaya suket, eris makene gambar aseline yaiku pajuan gandrung hang hing katon sikile. Apik. Taping ya ana gambar tambahan serngenge lan sunare hang nganggu gambar sak wutuhe.
4. Ana lalare hang nambahi garis njelarit nong gambar aseline nong obyek gambar kaya uwong, lare lan penganggone. Garis njelarite dadi kandel. Iki hang dianggep juri, golet amane, kerjaane katon kurang rapi.
5. Tambahana gambar sak enake, nganggo werna-werna hang hing biyasah hing paran-paran taping cara mbijine iku delengen gambare sak kabehane, bisa enak dideleng. Aja sampek ana bagiyan hang hing wutuh dadi siji, kadhung dideleng sak kelerepan.
   Para juri wis setuju ana hang terbaik yaiku 6 karya hang ulih Terbaik 1, 2, 3 lan Harapan 1, 2, 3 hang engko arep diumumaken tanggal 25 Mei ring Gedung Juang.
   Lalare hang menang tingkat kecamatan yaiku:

Bangorejo
Asyifa Nuril Asma'ul Husna
SDN 1 Sukorejo

Banyuwangi
Asyifa Fadila Putri
SDN 4 Penganjuran

Blimbingsari
Diajeng Ayu Prameswari
SDN 3 Watukebo

Cluring 
Radyne Kayla Hairunissa
SDN 1 Cluring

Gambiran
Nayaka Cornelia R
SDN 4 Yosomulyo

Genteng
Aleesha Naura Zhafarani
SDN 1 Setail 

Glagah
Maher Bagus F.
SDN 1 Paspan

Glenmore
Keisya Puri Elvareta P.
SDN 3 Sepanjang

Giri
Aurelia Fahma Alilah Iskandar
SDN 1 Mojopanggung

Kabat
Naura Anggun A.L.
SDN 1 Dadapan

Kalibaru
Artika Nanda Dewi Kusuma
SDN 6 Kajarharjo

Kalipuro
Aqiyla Shelena M.
SDN Klatak

Licin
Meisal Lailatul Magfiroh
SD Negeri 2 Pakel

Muncar
Astari Ayuning Mutiya Dewi
SDN 1 Kedungrejo Muncar

Pesanggaran
Safira Aulia Putri
SDN 5 Sumberagung

Purwoharjo
Afida Rizqy Putri Arrofi
SDN 1 Bulurejo

Rogojampi
Telysa Virga Ayumi
SDN 1 Lemahbang

Srono
Marwah Azzahra Yasmin Irawan
SDN 4 Kebaman Srono kelas

Siliragung
Veronica D. A.
SDN Buluagung

Songgon
Dana Puspita Tri Anindya
SDN 3 songgon

Sempu
Faris Arfa Ramadhan
SDN 5 Jambewangi

Singojuruh
Erikaditya
SDN 2 Singojuruh

Tegaldlimo
Vinka Aristi Meisya
SDN 2 Purwoasri

Tegalsari
Narendra Nanta Devi
Sdn 1 Karangdoro

Wongsorejo
Muhammad Revaldo Bachtiar
Sdn 3 Wongsorejo


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf