Cathetan Juri ring Lomba Mengan Sandhiwara 2022

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 15 Desember 2022 08:50 WIB)
- Laporan



Peserta Lomba Mengan Sandhiwara hang akehe 24 peserta iki makili Sekolah Dasar (SD) hang ana ring kecamatan-kecamatan wilayah Kabupaten Banyuwangi. Mung siji kecamatan bain hang sing milu lomba yaiku kecamatan Kalibaru mergane kecamatan iki buru bain keneng musibah banjir.

Teka kabeh penampilan ring pentas katon kadhung kabeh peserta wis duwe kerenteg nggawe sandhiwara nganggo Basa Using hang temenanan, masiya ring kana kene magih ana hang kelebon basa liyane umpamane Basa Jawa. Saktemene panitiya ring Pertemuan Teknis hang dianakaken ring Aula Dinas Pendidikan kawitan wis nguweni panggonan anggone basa serapan hang magih durung ana ring Basa Using, umpamane “viral” dadi piral kadhung diserep dadi Basa Using. Naming iku dudu berarti kanggo basa liya hang nong Basa Using wis ana. Kaya umpamane “gelut” (Basa Jawa) bisa diganti pulet utawa tukar, gediku ujare Kang Iwan Rohmatudin hang dadi salah sijine juri wakil teka DKB (Dewan Kesenian Blambangan)

Sakliyane iku Kang Iwan iki uga ngusulaken nyang panitiya babakan papan panggonan hang bener anggone lomba Sandhiwara, merga lomba sandhiwara hang wujud drama iki kudune manggon panggonan hang trep nyang urusan suwara, mula iku sing ulih keganggu suwara-suwara liya kayadene suwara penonton lan suwarane montor seliweran ring lurung.

Erpandi, Kasi SD Dinas Pendidikan Kab. Banyuwangi mula wis njaluk maklum anane panggonan iki, merga ana properti hang sing bisa digawa melebu nyang ruang teater Gedung Juang, pungkasane lomba Mengan Sandhiwara dianakaken ring emperan Gedung Juang.

Kenthus hang uga dadi salah sijine juri teka seniman teater tradhisi iki nyatakaken kaju nyang peserta lare cilik-cilik hang wis bisa main drama paran maning dramane iki nganggo Basa Using. Iki sing gampang, gediku Kenthus nyatakaken ana ring panggung sakdurunge ngumumaken pemenang.

Mung bain Kenthus nguweni cathetan ring babakan musik utawa tetabuhan pengiring drama iku. Musik iringan hang dikarepaken ring kene iki dudu musik wutuh utawa musik konser utawa musik gendhingan, naming tetabuhan utawa unen-unen hang dienggo ngetutaken anane cerita.

Moh. Syaiful nguweni penjelasan sakdurunge ngumumaken pemenang antarane bain nguweni apresiasi hang sak dhuwur-dhuwure nyang Pemda Banyuwangi liwat Dinas Pendidikan Banyuwangi hang wis nggawe kegiyatan “Festival Literasi Using” iki. Modhel Mengan Sandhiwara iki seru kenthel literasine merga jangkep kabeh ana, kayadene visual, verbal, motoric lan liya-liyane ana kabeh. Pokoke kolaborasine kuwat ring akeh bidhang kaya dene hang dikarepaken ring Kurikulum Merdeka yaiku anane pembelajaran model diferensiasi.

Sakteruse Koordinator juri iki njelasaken dhung magih akeh penulisan hang ana ring naskah sandhiwara penulisan basane durung kaya hang ana ring Ejaan Basa Using hang bener lan sing padha ambi Kamus Using-Indonesia gawenane pak Hasan Ali. Kudune guru hang dadi penulis naskah ya kudu ngerteni bab penulisan basa Using merga guru-guru SD iki wis koncar-kancir milu pelatihan nulis hang dianakaken guru-guru Basa Using Kabupaten Banyuwangi.

Mula iku, kegiyatan kaya gediki iki bisa diterusaken ring taun ngarep kelawan persiyapan hang mateng lan mugen. Kabid TK – SD Dinas Pendidikan Kab. Banyuwangi kepingin ngawiti kegiyatan iki ring taun ngarep nganggo Bimtek nyang guru-gurune makene kabeh ulih pemahaman sulung nyang babakan Sandhiwara Using.

Kecamatan Kabat lakon “Melaku Ngaji” ulih juwara 1, sutradara Terbaik, lan Aktris Terbaik, Kecamatan Giri lakon “Mat Barong ulih juwara 2 lan Aktor Terbaik, Kecamatan Rogojampi lakon “Mengan Nyang Sawah" juwara 3 lan Penata Artistik Terbaik. Kecamatan Muncar Harapan 1 lan Kecamatan Banyuwangi Harapan 2. Kecamatan Blimbingsari lakon “Kebacut Game” ulih Naskah Terbaik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Hani Z. Noor