Cathetan ring Lomba Literasi Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 15 Desember 2022 08:49 WIB)
- Laporan
Festival Literasi Bahasa Using dianakaken ring Gedung Juang 45 dina Selasa (13/12) sore. Kegiyatan hang dibukak ambi Bupati Ipuk Fiestiandani iku dilengkapi kelawan pameran buku, lomba Ndongeng Basa Using lan Mengan Sandhiwara Basa Using.
Pesertane lare-lare SD wakil teka 25 kecamatan sak Kabupaten Banyuwangi. Bupati Ipuk ngarep-arep ning para guru supaya lare-lare diajak ngenali lingkungan. "Banyuwangi iki lingkungane kesenian lan kebudayaan. Mula lare-lare ya kudu bisa ngenali sekabehane kesenian, adat, tradhisi, kuliner, busana dhaerah lan uga kudu milu nguri-uri anane Basa Using ring Banyuwangi kene. Mulane, kalangan pendhidhikan kudu nduweni kreatipitas kanggo mbimbing lan mbombong lare-lare sekolah supaya saya dhemen ning Banyuwangi," jare Bupati.
Sak marine nguweni sambutan pembukaan, Bupati maserahaken buku Pelajaran Bahasa Using kanggo ngukuhaken anane pelajaran Mulok Bahasa Using ring sekolah-sekolah.
Kegiatan Literasi Bahasa Using tahun iki nggelar lomba Ndongeng Basa Using ring panggung 3 Gedung Juang 45 Banyuwangi. Kanggo namtokalen pemenange, peserta hang akehe 25 ngewakili kecamatane dhewek-dhewek iku dibiji ambi telung juri yaiku: Mbok Hj. Nanik Asiyani, Kang H. Abdullah Fauzi lan Kang Aden Syahlana.
"Akeh-akehe peserta iku magih katon apalane. Mesthine kadhung uwis apal ya carane ndongeng aja kaya lare apalan. Pungkasane kadhung ndongeng kaya digawe-gawe. Kurang belakasuta utawa paran anane. Kapindho, peserta magih akeh hang durung bisa mahami kosa kata Using. Contone: ucap 'cara' nalika ulih imbuhan /-ne/, munine dadi corone. Kadhung ngucape gedigu, artine binatang kecowak. Cara kadhung ulih imbuhan /-ne/ munine ya "carane". Iku salah siji conto. Magih akeh conto liyane," jare Ketua Juri, Mbok Hj.Nanik. Aden Syahlana mbeneraken ucape Mbok Hj.Nanik kono mau.
"Lare-lare iku magih katut kegawa gendhing-gendhing kendhang kempul hang penyanyine lare Banyuwangi kidulan. Tapi untung wis, lare-lare hang teka kalangan etnis Jawa mataraman lan Medura magih gelem ngupayakalen ilate supaya bisa ngucap Basa Using," abane juri hang uga duwe aran Janakim iku. Serta bijine dikelumpukaken, ngasilaken para pemenang yaiku:
Juwara Mengan Sandhiwara Basa Using kelawan juri Kang Ali Kenthus, Kang Iwan Rohmatudin lan Kang Syaiful:
1. Kec. Kabat
2. Kec. Giri
3. Kec. Rogojampi
4. Kec. Muncar
5. Kec. Banyuwangi
Sawetara iku, lomba Ndongeng Basa Using digelar ring latar-terase Gedung Juang. Juwarane yaiku:
1. Kec. Cluring
2. Kec. Kabat
3. Kec. Glagah
4. Kec. Blimbingsari
5. Kec. Rogojampi
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







