Cerita Banyuwangi Dwi Basa Kanggo Lalare Teka BBJT

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 18 Juli 2022 08:22 WIB)
- Laporan



Rong cerita kanggo lalare hang ditulis ring penulis Banyuwangi arep diterbitaken ring
Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT).
Cerita kelawan judhul "Nong Endi Emakisun" ditulis ring Andisep Kurniawan lan dialihbasa ring Rayhan Rizki lan siji maning "Usum Layangan" anggitane Urip Limartono lan dialihbasa ring Nur Holipah dina iki dibahas bareng ambi 11 cerita basa Jawa lan telung cerita basa Medura kelawan nganggo cara njero kawat liwat zoom.
BBJT rencanane arep nerbitaken 16 cerita dwi basa iki merga ngarepaken njumbule penulis-penulis cerita basa dhaerah kanggo nguwataken literasi dhaerah Jawa Timur.
   Bimbingan teknis kanggo nulis cerita iki wis dianakaken ulan Maret kepungkur hang dipiloni 25 penulis teka 38 kabupaten/kota sak Jawa Timur.
   Dikarepaken buku-buku basa dhaerah iki bisa dadi wacanan kanggone wong akeh, hususe wacanan kanggo lalare PAUD.
   Taun 2021, BBJT wis ngalihbasa 20 karya basa dhaerah Jawa, Medura lan Using nyang basa Indonesia. Teka Banyuwangi ana Pereng Puthuk Giri karyane Kang Abdullah Fauzi lan Markas Ketelon karyane Antariksawan Jusuf. Ulan November taun sore buku asil alih basa iki wis dicetak lan disebar ring kantor-kantor Balai Bahasa sak Indonesia. Alih basa buku cerita iki wis miloni proses ping telu yaiku alih basa, penelaahan lan diwaca maning ring penulise dhewek-dhewek. Hang wis dialih basa iki rata-rata cerita kanggo wong dhewasa.
   Kegiyatan BBJT liyane yaiku ngetokaken pirangane majalah lan jurnal. Kayata majalah Mijil Titis Basa (basa Jawa), Ajisaka (nganggo aksara Carakan), Joko Tole (basa Medura), Lontar Using, lan majalah Panji Balai. Hang kelebu Jurnal yaiku ana Atavisme (sastra), Medan Bahasa (linguistik), Jembatan Merah (Pengajaran Bahasa & Sastra).
    Dene cerita kanggo lalare PAUD buru taun iki bisa kelaksan.


   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor