Cerita Hang Ceceran Teka Gandrung Sewu 2022
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 November 2022 07:09 WIB)
- Laporan
Iwuh Gandrung Sewu 2022 hang nyuguhaken cerita pageblug ring bumi Belambangan mula uwis kelakon ring dina Sabtu, 27/10 kepungkur. Taping rasa kaya-kaya magih ana hang nggandholi kadhung sapa bain magih sah nggesahaken sekabehane hang ana gandheng rentenge nyang Gandrung Sewu. Kadhung ngomong masalah munyenge ekonomi mula seser. Sekelas pedhagang cilok bain omsete nggadug 3 sampek 5 juta rupiah. Panggonan parkir kendharaan rodha loro lan rodha papat ana pirang-pirangane panggonan ring jero Boom Marina lan hang manggon ring latar-latare umahe masarakat Kampung Mandar lan Kampung Ujung.
“Gandrung Sewu bisa dadi jalaran berkahe masarakat. Hotel, dormitory, homestay lan penginepan liyane padha garus kentekan panggonan. Masyarakat ring jabane Boom Marina uga bisa ngerasakaken asile. Dalanan poros nalika iku macet total sampek jam sanga bengi,” abane Kadisbudpar Banyuwangi, M.Y. Bramuda, S.Sos, MBA, MM nalika evaluasi Gandrung Sewu khusus staf Disbudpar Senin (31/10) kepungkur.
Ana bucu-bucu hang luput utawa kurang teka sawangane uwong akeh. Yaiku ubede Sekretaris Dinas Budpar, Ir. Choliqul Ridha, M.Si. Iyane lungguh silah ngadhep ring segara rupek Selat Bali. Hang diadhepi sak takir kembang. Lambene cemat-cemit. Suwarane kegawa angin gedhi. Paran perlune? “Iki kudu direwangi munajat. Merga ngedhepi iwuhe uwong akeh. Isun njaluk nyang Hang Kuwasa, acara Gandrung Sewu makene sing digerojog udan. Perkara mendhung sing paran-paran wis. Bara adhem. Iki caranisun. Mulane Isun ya nyengkelit yosuwa. Kanggo obong-obong. Muga-muga Gusti Allah ngijabah!” jare juragan Warung Watu Semar Iku.
Bida maning ambi ubede para pelukis. Uwong-wong hang duwe keahlian ngelukis iku kontan ngelukis barong lan gandrung. Masiya hang ngelukis sing dhewekan, taping kekarepane padha, mulane asil lukisane ya sambung. Nana hang gence.
“Setemene lukisan hang kontan digawe iku nduweni rega hang larang. Muga-muga taun ngarep kadhung ana umur, tukang lukis kudu lebih akeh ditekakaken. Asile lukisan bisa dilelang sak marine acara Gandrung Sewu digelar. Bek. Cager ramene,” abane Kang Momok hang sabendinane muyek ring urusane Dewan Kesenian Belambangan (DKB) lan ngurus lukisan-lukisane dhewek ring umahe.
Bida Sekdin, bida Momok, bida uga ambi Kang Bogi. Pengurus DKB lan hang ngeleyang kaya kiling ring ulihe nyepak-nyepakaken acara Gandrung Sewu iku golet panggonan hang sing pati akeh uwong, sak perlu sengidan kanggo nyengidakaken tangisane. Semono magih ana bain hang ngeweruhi lan motrek. Kadhung Kang Bogi iku nangis mesesegen serta ndeleng Gandrung Sewu melaku gangsar, ana pantese. Merga Kang Bogi kulitane sampek nyemeng merga keliling ngurusi administrasi, daptare calon peserta seleksi sampek keliling ring panggonan-panggonan seleksi. Mari digu magih ngerekap daptare peserta hang lolos aju ngurusi dispensasine lare semono akehe. Durung wira-wirine nyang para Pelatih, Kurator, koordinasi ning Disbudpar sampek ngurusi laku ceritane fragmen. Mula pantes kadhung Kang Bogi tetangisan kaya buruh koprah hang kasep nampa bayaran
Sedina sedurunge acara Gandrung Sewu 2022 digelar, kanca-kanca panitiya lan pelatih nekakaken sewelas gandrung tuwek. Yaiku 1. Liswati (desa Keradenan, kecamatan Purwoharjo) 2. Inik (Kemiren, Glagah) 3. Saperah (olehsari, Glagah) 4. Ramelah (Olehsari, Glagah) 5. Sanati (Mangir, Rogojampi) 6. Sapinah-Radjaonah (Lugonto, Rogojampi) 7. Suryani (Karangsari, Sempu) 8. Radjuni (Mangir, Rogojampi) 9. Astani (Mojopanggung, Giri) 10. Lilik (Gumirih, Singojuruh) 11. Sugiati (Yosomulyo, Gambiran). Uwong-wong iku ulih tali asih hang dielungaken ambi Bupati Ipuk.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







