Ceritane Gelar Gandrung ring Ikawangi Cycling Nusantara
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 23 Maret 2022 09:36 WIB)
- Laporan
Ater-ater redhaksi: Ikawangi Cycling Nusantara salah siji kegiyatan hang dianakaken Ikawangi Pusat bareng ambi Pemda Banyuwangi wis marek digelar tanggal 19 Maret sore kelawan sukses. Taping ana cerita liyane hang dicathet ambi pengawas Sekolah Kecamatan Banyuwangi mbok Nani Asiany MS nong ngingsor iki.
Sakmarine subuhan, pirang-pirang keluwarga padha ubek ndandani anake kang arep njuged gandrung nong acara Ikawangi Cycling Nusantara (ICN). Lare kang didandani ana kang magih sekolah ning SD taping ana pisan kang wis sekolah nong SMP. Dandane ana kang nyeluk tukang riyas, ana kang bareng- bareng mara nong umahe kancane, lan ana pisan kang dandan ning umahe dhewek merga dandane sing kari ruwed cukup nganggo omprok, kang penting isuk-isuk bisa kumpul nong panggonan kang wis disepakati. Temenan, jam setengah pitu lare-lare kumpul ambi dandanan gandrung, dandanan panjak, uga dandanan sindhen. Padha ambi gandrung, kang manjak lan nyindhen uga lare-lare pelajar SD lan SMP. Guru-guru kang ndhampingi sing kalah semangat nunggoni murid-muride kang arep njuged. Akehe ana 100 gandrung lan 12 panjak.
Sakdawane dalan Dr. Sutomo sekitar lare wolung puluh jejer- jejer siyap njuged gandrung ngedhang wong-wong mancat sepidhah teka Blimbingsari nong acara Ikawangi Cycling Nusantara (ICN). Lare-lare kang tampil iku mbutuhena latihan mung ping pindho. Sepisan geladhi kotor ngkisuke langsung geladhi rijige. Gedigi sing kaget merga lare-lare kang tampil mula dipilih lare kang wis duwe dhasar pinter njuged gandrung. Penjugede cukup dijuwut teka sekolah-sekolah kang ana ring kecamatan Banyuwangi. Sekolah-sekolah duwe kerenteg nampilaken jugedan gandrung iku kepingin nduduhaken kadhung acara ICN ditampa seneng ambi sekolah-sekolah lan sing mung ditonton taping ambi nampilaken jogedan makene bisa kanggo nyemangati para pemancat tetep seneng mancat sepidhahe aju bisa gadug pinis ring Pendhapa Sabha Swagata Blambangan.
Sing sepira suwe ana wara-wara teka panitia kadhung para pemancat wis arep teka. Lare- lare kang njuged wis siyap ambi sampure. Panjak siyap ditabuh, lan sindhene siyap nggendhing. Tambah parek pemancat sepidhah, tabuhan gandrung mulai ditabuh, gendhing Nyulayani Janji digawa sindhen, lare- lare mulai njuged. Temakaken para pemancat sepidhah, kang lungguh nong njerone montor lan sak supire weruh ana jugedan gandrung sakdawane dalan Dr. Sutomo iku padha nyoting teka sepedhah utawa montore. Sing mung nyoting thok, para pemancat sepidhah milu njuged ngetutaken gendhingane. Ana kang sukur ngubahaken pundhake taping ana pisan kang ngubahaken tangane milu njuged. Lare- lare kang weruh kadhung iyane disoting lan para pemancat padha seneng, jugedane uga tambah semangat. Eseme sing leren-leren diduduhaken.
Kira-kira ulih pirang menit, rombongan pemancat mulai entek. Panjak, sindhen, lan kang njuged dikongkon panitia supaya mandheg sulung. Taping sing ulih bubar mergane magih ana rombongan sakteruse. Kadine lare-lare cukup ngangso ring pinggir dalan panggonane njuged mau. Durung sampek lungguh-lungguhan ana wara-wara maning kadhung rombongan kang sakteruse arep liwat. Gandrung, panjak, lan sindhen siyap nyang tugase. Kaya ring jugedan kawitan, serta pemancat parek perliman kutha Banyuwangi, jugedan dikawiti maning. Rombongan kang nomer loro iki tambah rame lan tambah dawa barisane. Kang njuged uga tambah seneng, tambah semangat. Kang mancat padha ambi rombongan kang kawitan. Masiya ambi mancat, tangan sijine akeh padha midheo lan milu njuged ngubah pundhake. Ditambah maning ring tengah-tengah pemancat ana artis kang asale teka Banyuwangi yaiku Fitri Karlina. Lare-lare lan guru-guru pendhamping seneng kabeh nyawang Fitri Karlina kang ana ring ndhuwure montor kang sing ana tutupe. Sampek rombongan kang liwat entek, aju montor ambulan kang tengere rombongan wis sing ana maning, lare-lare kang njuget, kang manjak, lan kang nyindhen ahire padha nutup tugase minangka nguweni semangat nyang pemancat acara ICN kang digelar dina Sabtu tanggal 19 Maret 2022 kepungkur iku. Jare guru-guru pendhamping masiya jugedan gandrung sing ana tulise ning acara, sing paran- paran. Bisane ya mung nguweni semangat, lan kabeh kanggo ngormati Ikawangi kang padha teka ring tanah kelairane.
Jare salah siji panitiyane, juged gandrung iki diarani flash mob, hang nampilaken akeh wong ring panggonan umum njuget bareng. Mangkane hing ana ring daptar acarane. Dikarepaken dadi kejutan kanggone wong-wong hang milu mancat sepidhah. Temenan, jare pemancat sepidhahe padha merinding tepak liwat Jalan Dr. Sutomo lan dijugeti gandrung cilik hang uga nganggo seragam kaos kaya hang dienggo para pemancat sepidhahe. Apik seru.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







