Ceritane Milu Seleksi Penulisan Naskah Sastra Anak
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Kamis, 31 Maret 2022 07:36 WIB)
- Laporan
Saktemene Isun buru weruh anane Seleksi Penulisan Naskah Sastra Anak Berbahasa Daerah nong Balai Bahasa Jawa Timur teka Mbok Holip. Iyane ngguthit isun nong Instagrame BBJT. Sakliyane isun hang diguthit pisan ana Aini (adhike mbok Holip) lan Zahro (Kancane Holip hang teka Pasuruan). Kawitan teka iku ahire Isun nyacak milu ndaptar.
Isun kawitane bingung kelendi aturane nulis sastra kanggo lare cilik. Sedhela mikir, hang metu ring pikiran ceritane kewan-kewan. Ahire Isun nggarap lan langsung naskahe sun kirim nong pos-el hang ana ring papan pengumumane.
Tanggal 25 maret 2022 pengumumane, ya temakaken magih rejeki. Isun, Aini, lan Zuhro mauka melebu 25 besar peserta hang diundang ring “Bimbingan Teknis Penulisan Naskah Sastra Anak Berbahasa Daerah” Nong Hotel Luminor Sidoarjo. Oh iya, wong Banyuwangi minangka wakile Basa Using jumlahe telu hang siji Pak Urip Limantoro Aris uwong aseli Tukang Kayu.
***
Teka Banyuwangi nunggang sepur Sritanjung padha ambi Pak Urip naming beda gerbong., Wektune mula tepak acarane nong jadwal jam 2, Isun gadug nong stasiun Sidoarjo jam 12.40 menit. Aju mara nong hotel nunggang grab jak akehan. Kegiyatan BIMTEK keitung sakat tanggal 28-31 Maret 2022.
Bungah, semangat, mongkog lan sakliyane pokoke wis bisa belajar, ulih kanca anyar, ilmu anyar ning panggonan iki. Narasumbere mula hang wis terjun ring donya sastra anak wis suwi lan karya-karyane wis padha diweruhi uwong akeh sampek manca.
Kayatah dina kawitan tanggal 28 Maret 2022. Narasumbere Vanda Arie mbahas “Trend dan Isu Menulis Cerita Anak”. Tanggal 29 Maret 2022 Narasumber kawitan Watiek Ideo “Dasar-Dasar Penulisan Cerita Anak.”. Aju Eni Barbara “Penulisan Cerita Anak (Membaca Awal). Ketelu narasumber iku nguweni hidayah gedhi kanggo Isun utamane. Isun hang mula durung paham kelendi carane nulis cerita lare cilik, tahapane paran bain, teknike kelendi, nggawe naskah anak hang bener kelendi, lan sakliyane. Temenan, tekane narasumber ring BIMTEK iki nambahi wawasan anyar. Naskahisun ambi kanca-kanca sampek-sampek yang kudu diuwah makene mejaji ambi aturane naskah cerita lare cilik kanggo macaan kawitan
“Weruh tah sing kadhung uwong-uwong hang akehe 25 mau di saring maning?” Dadi uwong hang teka akehe 25 di saring dadi 16 uwong hang karyane bakal diterbitaken ambi BBJT. Mangkane akeh hang direvisi lan sak kancaan padha ebuk nggarap ceritane. Nah, dina hang ke telu, BBJT mokusaken “Penyuntingan Naskah”. Penyuntingan iku mauka, teka basa Using narasumbere Pak Antariksawan utawa Pak Iwan Isun nyeluke. Pak Iwan iki sakat dina kawitan sampek dina ketelu mesthi ana. Ana ring wektune Pak Iwan sakjane mung nduduhi lagune Demi hang judhule “Kanggo Rika” salah carane nulis. Ahire disetelaken lagu, temakaken uwong-wong hang teka Medura lan Jawa apal kabeh. Isun pasthine mongkog, Using loh iki... “Rika endane sing mongkog?”
Pungkasan, Isun ngucapaken terima hang gedhi nong Kepala BBJT, panitiya kegiyatan, narasumber hang gethot, Pak Iwan teka Banyuwangi, wis diuweni kesempatan Isun lan sak kancaan belajar, nggolet ilmu, nggolet kanca, nggolet pengalaman. Isun yakin kegiyatan iki akeh manpaate lan apike kanggo sastra Banyuwangi. Aamiin
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







