Damar 84 Mbantu Frisca Mangkat Kuliyah ring UI
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 15 Juni 2022 11:09 WIB)
- Laporan
Ndeleng ana lare Banyuwangi hang pinter, keterima ring Universitas Indonesia taping maju mundur arep mangkat nang Jakarta tah sing merga laptop bain hing duwe, Paguyuban Damar 84 milu ngerasakaken susahe.
Dina Selasa sore Paguyuban Damar 84 minangka kumpulane lalare Banyuwangi hang lulus SMU taun 1984, ngelungaken laptop anyar lan picis kanggo sangu menyang Jakarta nang Frisca Meidyas Putri hang dikancani ibuke.
Frisca lare kembar kelairan 2003, lulus teka SMAN 1 Giri jurusan IPA sore lan liwat SNMPTN keterima ring Ilmu Keperawatan Universitas Indonesia. Dene adhike, Jesica Meidyas Putri, lulus teka SMA hang padha taping jurusan IPS. Frisca rada mamang. Lare iki wong tuweke wis pisahan. Saiki ibuke manggon ambi embahe ring Boyolangu. Ibuke hang aran bu Nurul dadi guru ring PAUD Boyolangu pareke masjid Baitul Muttaqien Boyolangu.
"Alhamdulillah, makili organisasi Damar, kene bisa ngewani laptop lan sisane arupa picis hang bisa dienggo nyokong keperluwan awal kuliyah," jare wakile Damar mbok DR. Erika Saraswati hang uga wakil rektor Universitas 17 Agustus 1945 Banyuwangi.
Mbok Erika dikancani anggota Damar 84 liyane kayata mbok Ermi Rosana, mbok Mariyatul Kiptiyah, mbok Wiwik KL, kang Budi Susanto, lan mbok Muji Karyati.
"Muga-muga bantuwan iki bisa kanggo nulungi proses kuliyahe lan kekarepane muga-muga lancar kuliyahe lan bisa lulus sak cepet-cepete."
Mbok Erika nawani adhike yaiku Jesica milu kuliyah nong Untag. "Kadhung adhike dhemen milu modelling, ring Untag ada UKM Kepribadian dan Duta Kampus. Bisa melebu ring kono. Malah wis pirangane mahasiswi Untag hang dadi juwara nasional. Taping melebune kudu taun iki merga beasiswa kanggo lare buru lulus. Hing bisa nganteni setaun rong taun engkas."
Organisasi Damar 84 minangka paguyuban alumni Banyuwangi angkatan 1984 teka macem-macem sekolah ngupaya dadi organisasi hang ngewani manpaat kanggo wong akeh, utamane hang parek-parek. Wis tau ngewani beasiswa nang anake kanca-kancane, ngewani bantuwan sembako kanggo wong hang mbutuhaken tepak ana pageblug, nggawe pelatihan-pelatihan.
"Hang bisa nggawa awak ring kana, sinau ring endi bain, kapan bain sak dawane urip. Merga hakikate urip iku sinau," gedigu jare mbok Erika.
Frisca dhewek jare buru arep menyang Jakarta ulan Agustus, merga kuliyahe buru arep diangkati ulan September.
Sakat ring sekolah SMA, Frisca kelebu lare hang patheng. Iyane milu ekskul English Club lan Karya Tulis Ilmiah. Iyane lan sak kancaan tau dadi Peringkat 5 lomba karya tulis nasional hang dianakaken ring Yogyakarta taun 2021.
"Terami hang ageng wis dibantu. Muga-muga Paguyuban Damar dilancaraken rejekine, urusane lan anggotane tetep sehat lan seger," jare Frisca hang lebih lancar nganggo basa Indonesia timbang basa Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






