Dewan Masjid Indonesia Banyuwangi Dilantik 

Mohamad Soleh Kurniawan (dipublikasikan pada Rabu, 01 Februari 2023 06:57 WIB)
- Laporan



Banyuwangi - Pimpinan Daerah (PD) Dewan Masjid Indonesia (DMI) Kabupaten Banyuwangi mangsa 2022-2027 wis resmi dilantik pirangane dina kepungkur. Papan dilantike manggon noring Pendhapa Sabha Swagata, Kabupaten Banyuwangi lan disekseni langsung ambi Ketua Pimpinan Wilayah DMI Propinsi Jatim Drs. KH. M. Roziqi, MM lan Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani kelawan cara virtual

Ketua PD DMI Kabupaten Banyuwangi H. Fathur Rahman, M.Pd.I negesaken gok ring tangane programe arep dipokusaken ring ngunggahaken lan nguwataken nggendhong indhit bareng ambi pemerintah, Ormas Islam, lan liyane.
   "Utamane sinergi ambi bupati lan (Forum Pimpinan Daerah) Forpimda kanggo ngatasi gesekan bab agama ring masarakat, sak cepete, sak bisane," jare Fathur lewat pesen whatsapp, Senin, 30 Januari 2023. 

H. Andi Mikoyanto, S.Sos.I minangka Sekretaris PD DMI Kabupaten Banyuwangi nambahi gok kabeh penguruse arepe dijejegaken urusan administrasine hang langsung nyambung ring Kementrian Agama Republik Indonesia. 

"Kayata, cukupe titik koordinat masjid ring Sistem Informasi Masjid (SIMAS). Iki dikarepaken nggampangaken wisatawan muslim hang nggoleti masjid tepak kelenceran ring Banyuwangi," abane Andi. 

Andi nerusaken, DMI Kabupaten Banyuwangi uga terus ajeg ngelaksanaken bimbingan hang ana gandhengane ambi Imarah (iwuh makmuraken masjid), Riayah (iwuh ngerumat masjid), lan Idarah (manajemen masjid). 

"Magih ditambah ambi njumbule SK (Surat Keputusan) status masjid sakat tingkat masjid jamik sampek masjid besar," abane Andi mungkasi keterangane. 

Program unggulan iki sak napas ambi kekarepan hang dikepingini ambi Drs. KH M. Roziqi, MM. Wis wayahe masjid dudu mung kanggo ibadah belaka, taping uga masjid kudu bisa dadi punjere kabeh iwuhe jamaah. 

"Liwat jamaah pengajian, masjid dikembangaken dadi punjere peradaban kayata pusat megiyete ekonomi lan pemberdayaan liyane kanggo jamaah," abane KH. Rofiki. 

Kepala Kantor Kementrian Agama Kabupaten Banyuwangi Moh. Amak Burhanudin ngucapaken selamat ring dilantike pengurusan PD DMI Kabupaten Banyuwangi mangsa 2022-2027. 

"Mugi kabeh program bisa dilakoni kelawan lancar lan manpaat kanggo masarakat," dongane Pak Amak. 

Liwat jaring njero kawat (daring), Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani ngarepaken, pengurus DMI Kabupaten Banyuwangi supaya saya semangat nggetaraken lebih santer erohe Rebound Center ring Banyuwangi. 

Kayata ngembangaken lan nggawe dalan supaya  masjid dudu mung kanggo  ibadah. "Pemerintah Kabupaten Banyuwangi siyap nguweni sokongan kanggo ngunggahaken layanan lan manpaat kanggo masarakat," abane Ipuk.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : (Mohamad Soleh Kurniawan)

Editor: Antariksawan Jusuf